DAMEL PAWARTOS KEMAWON
SERAT DARMOGANDUL
MENIKO INGKANG NYERAT MBOTEN TAPAK ASTO
ALIAS MBOTEN WANTUN ( ANONIM )
“ Niki damel Pawartos Kemawon”
Nyuwun duko kawulo “ Kyai Djawan Samudro “
- [1] ---
Sêrat Darmagandhul
Anyariyosakên nalika bêdhahipun
nagari Majapait ingkang salugunipun, tuwin gêlar kawruh sanyata, punapa malih
wiwitipun agami Buda santun Islam.
Sêrat Darmagandhul punika badhe
kapacak ngantos satamatipun, sambêt-sumambêt kadosdene Sêrat Rama.
--- [2] ---
...
--- 3 ---
1. Dhandhanggula
1. wuryaning kang sêkar
dhandhanggêndhis | amèngêti dènnya nêdhak sêrat | lugu mung manut babone | aran
srat Darmagandhul | nyaritakkên bêdhahe nguni | nagari Majalêngka | kang
satuhunipun | lan gêlar kawruh sanyata | lan purwanya gama Buda santun Ngarbi |
tinuturkên sadaya ||
2. duk manitra ing ari Rêspati |
Paing kaping sapisan Ramêlan | Paningron paringkêlane | taun Dal ing Kulawu |
môngsa Sadha pan sampun akir | nuju wuku Prangbakat | Kunthara kang windu |
etanging côndrasangkala | rêsi suci bujangganirèng narpati |[1]
wanci jam astha enjang ||
3. kang minôngka bêbukaning rawi |
wontên pandhita kang alul tapa | Kalamwadi jêjuluke | dene ta garwanipun |
arum-arum Dyah Pêrjiwati | asramèng Sunyapringga | ing juga ri nuju | sang wiku
nèng pacrabakan | ingadhêp ing siswa sawiji kang mursit | putus sakèhing guna
||
--- 4 ---
4. Darmagandhul pêparabirèki | nala
mingis limpat graitanya | lan sang tapa mèh tan pae | marma kasok sihipun | wus
prasasat yoga pribadi | rintên ratri datansah | nèng ngarsa sang wiku | samana
sang siswa tama | lagya ana kang dadya ribênging ati | lon matur mring sang
tapa ||
5. dhuh sang dwija kang yanjana murti
| mugi pukulun ywa pisan duka | kawula nyuwun pitakèn | kang dados purwanipun |
tiyang Jawi santun agami | nilar agami Buda | ngrasuk sarak Rasul | punika
sabab punapa | kadospundi bêbukane nguni-uni | sang wiku rum ngandika ||
6. lamun sira atakon bab iki | sun
tan wêruh ing sawiji apa | mung yèn miturut tuture | Radyan Budi guruku | ya
buh bênêr iya buh sisip | nanging panduganingwang | bênêr nora luput | krana
cocog wujudira | tilasane isih kêna dèn tingali | mula sun kira nyata ||
7. nanging ingsun wêdi macak tulis |
--- 5 ---
luput-luput tambêl umur ingwang |
awit wong Jawa lumrahe | lamun ana kang purun | purun buka wadining aji |
amêsthi pinêjahan | marma sun tan ayun | nutur critane kang nyata | purwanira
wong Jawa salin agami | buka wadining nata ||
8. Darmagandhul aturira aris | inggih
lêrês duk jaman ing kina | prayagung Jawi limrahe | kang dados dhaharipun | woh
wit budi kalawan kuldi | ing mangke karsa dhahar | woh wit kajêng kawruh |
kagungan panggalih panjang | yêkti ngowêl mring umurira wadyalit | kang lêpat
sawatara ||
9. malah dadya pèngêt kang prayogi |
dadya wikan kang lêrês kang lêpat | wikan misil kupiyane | sang pandhita lon
muwus | yèn mangkono bêcik sun anggit | nanging ingsun sadarma | nganggit nulis
muwus | Dyan Budi kang darbe karsa | êmbuh bênêr lupute punika yêkti | yèn nora
sun tulisa ||
10. nora wurung ingsun dèn dukani |
sabab bangkang prentahing kèlingan |
--- 6 ---
tur iku akèh asile | supaya wong kang
cubluk | kaya ingsun bisa mangarti | carita kang sanyata | mula-mulanipun |
wong Jawa salin agama | padha ninggal agamane Buda Budi | ganti agama Islam ||
11. caritane nagri Majapait |
anggitane pujôngga ing kuna | pralambang pasêmon kabèh | yèn tinulis satuhu |
babadira ing Majapait | buka kêkêran raja | pujanggane takut | mila nyêmoni
kewala | supayane wong bodho aja na ngarti | caritane kang nyata ||
12. marma janma Jawi mata siji | ahli
budi ngarti critanira | Majalêngka sabênêre | karana wong kang cubluk | nrima
mangan woh kayu kuldi | tan pisan ngarti mangan | woh budi woh kawruh | mung
nrima kabar kewala | nora dungkap carita kang elok gaip | samar kalingan
padhang ||
13. Bisêmillahirrokhmanirrokhim |
mugi para agung tanah Jawa | dipun agung aksamane | de ulun kamipurun |
--- 7 ---
kumalancang pêksa lumuwih | mangun
carita kuna | ingkang wus kêtutup | tur tanpa pathokan kitap | tuduh tutur ing
sama-samaning urip | mung thukul sing èngêtan ||
14. pan mangkene purwane ing nguni |
Brawijaya Ratu Majalêngka | kêsamaran pamriksane | klimput galih sang prabu |
kurang yitna ing tata lair | akrama putri Cêmpa | wong agama Rasul | ing
sajrone sih-sinihan | karon lulut kang garwa asring ngaturi | kojah marang sang
nata ||
15. mulyanira agama Islami | yèn
katimbang lan agama Buda | sarak Rasul unggul dhewe | ature wantu-wantu | sri
narendra galihe gingsir | myarsa kojahing garwa | tan kawiyos tutuk | tan lama
pulunanira | putri Cêmpa atêtuwi mring sang aji | kang nama Sayid Rahmat ||
16. nyuwun dhukuh anèng
Ngampèlgadhing | nyuwun idi anggêlar sarengat | Kangjêng Rasul agamane | Sang
Brawijaya Prabu | banjur karsa aparing idi | sira Sang Sayid [Sa...]
--- 8 ---
[...yid] Rahmat | anulya dhêdhukuh |
Surabaya Ngampèldênta | anggêlarkên sarengat andika Nabi | Mukhammad Rasulullah
||
17. tandya kathah maulana prapti |
saking sabrang samya angêjawa | sowan ing ngarsa pamase | pra samya nyuwun
dhukuh | nèng pasisir lan idi aji | ingidinan sadaya | sapanuwunipun |
lama-lama saya ngrêda | tanah Jawa wong Jawa salin agami | angrasuk gama Ngarab
||
18. Sayid Kramat dadya gununganing |
pagurone wong Islam sadaya | Benang Tuban dhukuhane | Sayid Kramat puniku |
maulana saking Ngarabi | têdhak Jêng Rasulullah | mila dadya guru | panutan
wong Jawa Islam | korut-karut wong Jawa urut pasisir | guru mring Sayid Kramat
||
19. padha manjing agama Islami |
tanah Jawa wong Jawa kang tôngga | pasisir lor sapangilèn | ngrasuk agama Rasul
| padha tinggal agama Budi | wit wetan Balambangan | sapangulonipun | prapta
[pra...]
--- 9 ---
[...pta] ing Bantên nagara | padha
ninggal agamane Buda Budi | ganti agama Ngarab ||
20. kênèng bujuk dalil Alip Lam Mim |
andalikal rahètbapi hudan | lib mutlakim enak dhewe | kedanan mring Ashadu |
padha tinggal agama Budi | wus kanggo sèwu warsa | pikukuhing luhur | agama
mulya pribadya | macung dhewe mring Pangran Kang Maha Suci | anêbut budi hawa
||
21. budi iku datira Hyang Widhi |
hawa iku karêpaning manah | nuruti budi karêpe | wajibe janma iku | kang
tinurut elinging ati | lawan karêping budya | puniku tinurut | manusa wignya
punapa | mobah mosik lumaku darma nglakoni | budi kang ngobahêna ||
22. nulya ana putrane sang aji | kang
patutan saking putri Cina | anèng Palembang laire | Radyan Patah ranipun |
angajawa lawan kang rayi | saibu seje rama | Kusèn aranipun | sowan ngarsèng
rama nata | langkung kewran galihe [gali...]
--- 10 ---
[...he] sri narapati | paring sêbutan
putra ||
23. dene mratiga jinising siwi | yèn
miturut rama sri narendra | Jawa Buda agamane | nglêluri ing lêluhur | putra
nata kang mijil ngardi | kasêbut nama Bambang | yèn miturut ibu | Cina aran
Kaosiya | yèn wong Ngarab sinêbut Sayid lan Sarib | yèn nurut sing lanjaran ||
24. sri narendra sigra animbali | pra
nayaka mundhut têtimbangan | ingkang dadya prayogane | sêbutanira sunu | Patih
Gajahmada wotsari | yèn parêng karsa nata | putranta pukulun | pinaring sêbutan
Babah | ngirib-irib lêluhur paduka nguni | sinêbut nama Bambang ||
25. putra tuwan ibu Cina gusti | lair
sabrang agamane Islam | nama babah prayogane | têgêse babah iku | babar wonten
sanès nagari | suka nata miyarsa | patih aturipun | mupakat para nayaka | putra
nata kang lair Palembang nagri |
--- 11 ---
namane Babah Patah ||
26. Radèn Patah sakalangkung ajrih |
anampika mring paringing rama | jroning tyas bangêt tan cècèg | ananging
lairipun | samudana suka tan sipi | samana Babah Patah | anulya jinunjung |
jumênêng Dipati Dêmak | madanani bupati urut pasisir | Dêmak sapangulonnya ||
27. lah ta iku purwanira nguni |
bôngsa Jawa blastêr lawan Cina | samya babah sêbutane | puniku critanipun |
Radèn Patah ingkang murwani | misuwur cakrèng dunya | putranya sang prabu |
kang lair nagri Palembang | patutane lawan putri Cina nguni | namane Babah
Patah ||
28. dèn kramakkên antuk
Ngampèlgadhing | putranira Kyagêng Ngampèldênta | ingkang tunggal agamane | wus
dadya putra mantu | lawan kyagêng ing Ngampèlgadhing | rinêngga panggihira |
anèng Majalangu | sawusing antara warsa | kinèn maring Dêmak atêtêp dipati |
dalêm dhusun Bintara ||
--- 12 ---
29. rèhning Radèn Patah awit lair |
nèng Palembang wus agama Islam | kalilan nglêstarèkake | marang agamanipun |
Radèn Kusèn jinunjung linggih | anama adipatya | anèng nagri Têrung | lama-lama
saya ngrêda | sarak Rasul pra ngulama nyuwun idi | pangkat sêbutan sunan ||
30. pardikane Suhunanku Budi |
awitira kawruh kaelingan | kang awon lawan kang sae | yèn akèh uwohipun | budi
ngrêti kèlingan bêcik | wajibe sinuwunan | ngèlmu kawruhipun | ngèlmu lair
kabatinan | wêktu iku pra ngulama tyase bêcik | kadrêngkèn durung ana ||
31. galihira Brawijaya aji | pra
ngulama masuk sarak Buda | dene sunan sêbutane | lan kalakuanipun | cêgah
nadhah kalawan guling | yèn wong agama Makham | Makhamaning Rasul | sirik cêgah
mangan nendra | mung nuruti rasane lesan lan dhiri | yèn cêgah pangan rusak ||
--- 13 ---
32. Prabu Brawijaya angidini | saya
lama agama wus ngrêda | ana nalar elok manèh | gaip samar kalangkung | nora
kêna dipun kawruhi | netra karna myang grana | miwah lesanipun | wêruhe saking
èngêtan | jroning utêg iku lamun dèn kawruhi | Radèn Budi Sukarta ||
33. luwih-luwih kang maca kang myarsi
| nganggêp têmên atanapi ora | katimbanga sabênêre | yèn ta kanggêp saèstu |
kabèh layang carita Jawi | tan ana kang acrita | yèn doraa iku | samangkya
taksih wujudnya | tilasane sarta kêna dipriksani | kaanan jaman kuna ||
34. duk jamane kraton Majapait |
Sunan Benang karsa alêlana | mring Kadhiri lan sabate | kêkalih kang tut
pungkur | sapraptane loring Kadhiri | tanah ing Krêtasana | kalangan ing banyu
| kali Brantas nuju bêna | saking kulon anyabrang mring wetan kali | wus prapta
pinggir wetan ||
35. dangu [da...]
--- 14 ---
[...ngu] marang janma têngga kali |
niti-niti agamaning janma | kang dèn go ing tanah kene | apa wus Islam tuhu |
apa misih agama Budi | Ki Bandar aturira | ing ngriki pukulun | kang limrah
agami Kalang | sarak Buda ingangge mung sawatawis | dene agami enggal ||
36. sarak Rasul inggih bribik-bribik
| ingkang limrah wong ngriki sadaya | sami Kalang agamane | amulyakakên Bandung
| Bôndawasa dèn anggêp nabi | lamun dintên Jumungah | Wage Wuye wuku | iku dèn
anggêp riaya | kèndêl karya nêdha eca sênêng ati | tan kesah saking wisma ||
37. Sunan Benang angandika aris | yèn
mangkono wong kene sadaya | padha Gêdhah agamane | têgêse gêdhah iku | nora
irêng lan nora putih | pantês araning tanah | Kutha Gêdhah iku | Ki Bandar
matur prayoga | dhawuh tuwan kawula ingkang nêksèni | karan ngantos samangkya
||
38. tanah lore
--- 15 ---
kutha ing Kadhiri | ingaranan tanah
Kutha Gêdhah | nanging mung manut lumrahe | tan wruh asaling têmbung | wit tan
ngarti critane dhingin | ran tanah Kutha Gêdhah | kang lumrah misuwur | sang
wiku malih ngandika | lah ta sabat sira amintaa warih | imbon marang ing desa
||
39. kali iki isih nuju banjir | banyu
buthêk kurang sucinira | anglarani yèn diombe | lan iki wayah luhur | arsa wulu
lan salat mami | sabat siji gya mentar | malbèng dhukuh Patuk | wismane amung
sajuga | nuju sêpi tan ana wong lanang siji | dene kang têngga wisma ||
40. èstri siji prawan mêpêk brai |
nuju nênun pribadya nèng wisma | sabat prapta lon wuwuse | bok ngantèn nêdha
banyu | imbon ingkang bêning abrêsih | bok prawan kagyat myarsa | salah
tampinipun | kinira lamun jêjawat | mêjanani bok prawan rêngu nauri | kalawan
têmbung kasar ||
41. dika santri mêntas liwat kali |
jaluk banyu imbon marang desa |
--- 16 ---
ngriki tan èntên carane | uwong kang
ngimbu banyu | jaba uyuh kula puniki | imbon bêning saringan | yèn dikarsa
minum | santri kesah tan pamitan | garundêlan lajêng matur mring sang yogi |
kadya wau punika ||
42. Sunan Benang dukane tan sipi |
dadya ngandika sabda nupata | lumraha ing tanah kene | muga laranga banyu |
wadon kênya ywa laki-laki | yèn durung prawan tuwa | miwah lanangipun | dadia
jaka kang tuwa | sanalika kali Brantas mili alit | lajêng nyimpang mangetan ||
43. nrajang wana dhusun têgil sabin |
pintên-pintên dhusun karisakan | katrajang kali ngalihe | kali ingkang rumuhun
| dadya asat praptèng samangkin | Ki Bandar langkung eram | myat kadibyanipun |
kangjêng sinuhun ing Benang | nulya lajêng tindake marang Kadhiri | kongsi
praptèng samangkya ||
44. tanah Kutha Gêdhah awis warih |
mangulone lêlakon wolung pal | limalas pal mangalore | mung
--- 17 ---
kidul banyu sumur | dene janma kang
laki rabi | wus kasèp saking môngsa | wayah manak têlu | jaka tuwa prawan tuwa
| awit saking kênèng sabdane sang yogi | Kangjêng Suhunan Benang ||
45. kawuwusa dhêmit Nyai Plêncing |
dhanyang ing Tanjungtani kang desa | ginubêl anak putune | nyai kula asung wruh
| karisakan siti Kadhiri | wontên janma sing Tuban | rêmên ngarubiru | sikara
tanpa karana | siya-siya sami makluking Hyang Widhi | ngubalkên kaprawiran ||
46. lèpèn agêng kang saking Kadhiri |
dèn sotakên sanalika asat | kidul menggok ngetan kang we | ngrisakkên wana
dhusun | lan ngêsotkên tiyang ing ngriki | kasèpa saking môngsa |
laki-rabinipun | yèn jalêr jaka atuwa | lamun èstri sampun nuntên laki-laki |
yèn durung prawan tuwa ||
47. rèhning tanah ngriki dèn wastani
| tanah Kitha Gêdhah awis toya | dene têka salah gawe | dawêg sami ginanggu |
dipun têluh dimène [dimè...]
--- 18 ---
[...ne] mati | Nyi Plêncing duk
miyarsa | turing anak putu | sigra mêthuk Sunan Benang | tan kuwawi cêlak
sarira lir gêni | lumayu nunjang-nunjang ||
48. mring Kadhiri ngaturi udani | ing
ratune Ki Butalocaya | manggèn guwa Selabale | sukune Wilis gunung | ingkang
wetan kang dèn ênggèni | amangsuli carita | purwane rumuhun | Kiyai Butalocaya
| patihira Sri Jayabaya Kadhiri | arane Kyai Daha ||
49. ingkang cikal-bakal ing Kadhiri |
lan kang rayi aran Kyai Daka | Sri Jayabaya karsane | aran Daha pinundhut | pan
kinarya aran nagari | ananging linironan | aran ing Sang Prabu | Kiyai
Butalocaya | pan kinarya patihe sri narapati | Sang Prabu Jayabaya ||
50. Buta iku butêng ingkang arti |
butêng iku bodho tan wruh sastra | Ki Buta bodho yêktine | lo: kowe têgêsipun |
caya: kêna dèn pracayani | Kyai
--- 19 ---
Butalocaya | bodho têmên mêngku | tur
mantêp sêtya mring raja | marmanira kinarya patih sang aji | Sang Prabu
Jayabaya ||
51. awit ana sêsêbutan kyai | Kyai
Daha têturutanira | ngayomi anak putune | ing kanan kering dhusun | Kyai Daha
kang dipun ungsi | jêngkare sri narendra | sing Ngastina kratun | jujug wismane
Ki Daha | sinugata sawadyakuswa gung alit | mila gung sihing nata ||
52. ran Ki Daka pinundhut sang aji |
pan kinarya namanirèng desa | nanging liniru arane | Kiyai Tunggulwulung |
dadya senapati ngajurit | muksane sri narendra | lawan putranipun | Ni Mas Ratu
Pagêdhongan | Kyai Butalocaya lan ingkang rayi | kalihe samya muksa ||
53. Ni Mas Ratu Gêdhongan kinardi |
ratuning kang dhêmit nusa Jawa | Sagara Kidul kuthane | pinaringan jêjuluk |
nama Ni Mas Ratu Ngin-angin | kayangan ing samodra | sagunging lêlêmbut |
dharatan [dhara...]
--- 20 ---
[...tan] miwah lautan | kanan
keringing tanah Jawa sumiwi | mring Ratu Pagêdhongan ||
54. awit saking karsanya sang aji |
Kyai Butalocaya pinarnah | manggèn guwa Selabale | dene Ki Tunggulwulung | pan
pinarnah ing Kêlut ardi | rumêksa kawah lahar | rikalanya mêtu | aywa
ngrusakake desa | duk samana Ki Butalocaya linggih | munggèng kursi kancana ||
55. lèmèk babut sinêbaran sari |
kinêbutan badhak kering kanan | ingkang sowan nèng ngarsane | Ki Patih
Megamêndhung | putra kalih sumiwèng ngarsi | Panji Sêkti Diguna | Panji Sari
Laut | lagya eca gunêm rasa | lawan patih miwah ingkang putra kalih | kagyat
ing praptanira ||
56. Dhanyang Tanjungtani Nyai
Plêncing | gupuh-gupuh anungkêmi pada | angaturakên tiwase | kyai kula atur
wruh | karisakan lèring Kadhiri | wontên janma sajuga | sêktine kalangkung |
namanira Sunan Benang | saking Tuban [Tu...]
--- 21 ---
[...ban] karsane dhatêng Kadhiri |
subrata alêlana ||
2. Asmaradana
1. kathah ature Nyi Plêncing | kadya
kang kasêbut ngarsa | angaturakên tiwase | lêlêmbut miwah manungsa | Kyai
Butalocaya | duk myarsa kalangkung bêndu | mubal ingkang pôncadriya ||
2. sigra dènira nimbali | jin pêri
lan parayangan | kêrigan anak putune | praptane sarêng prahara | sakêdhap wus
samêkta | sakapraboning prang pupuh | sigra budhal saha bala ||
3. sakêdhap sampun tumrapti |
saêloring Kukum desa | Butalocaya mindha wong | Kyai Sumbre wastanira | wadyane
tan katingal | tur awêndran kathahipun | wau Ki Butalocaya ||
4. ngadêg marga ngisor sambi |
anganti ing praptanira | Sunan Benang saking êlor | Sunan Benang nora samar |
kang ngadêg têngah marga | dhêmit ratu arsa ganggu | katara awak dahana ||
5. wadyalit kang samya ngiring |
sumingkir lumayu têbah | datan kuwawi [ku...]
--- 22 ---
[...wawi] panase | cakêt lawan Sunan
Benang | miwah Butalocaya | kalihe sarira latu | Sunan Benang tan kuwawa ||
6. acêlak ratuning dhêmit | tanapi
Butalocaya | datan kuwawi panase | cakêt lawan Sunan Benang | sabat kalih
kantaka | lajêng katisên anggruguh | angandika Sunan Benang ||
7. Butalocaya sirèki | mêthuk marang
praptaningwang | ngalih aran Kyai Sumbre | apa ta padha raharja | kagyat
Butalocaya | dene Sunan Benang wêruh | iya marang jênêng ingwang ||
8. wusana Locaya angling | dene
paduka uninga | ganti aran Kyai Sumbre | angandika kangjêng sunan | ingsun tan
kasamaran | yèn sira ratu lêlêmbut | Kadhiri Butalocaya ||
9. Ki Butalocaya angling | paduka
tiyang punapa | dene anèh wangunane | mangangge pating karêmbyah | dede
pangangge Jawa | dhapur wangun walangkadung | dede wangunan wong Jawa ||
10. Sunan Benang ngandika ris |
ingsun [ing...]
--- 23 ---
[...sun] iki bôngsa Ngarab | Sayid
Kramat aran ingong | wismaningsun Benang Tuban | dene ta karsaningwang | arsa
mring Kadhiri ingsun | amriksani patilasan ||
11. kadhatonira ing nguni | Mahaprabu
Jayabaya | ing kene ngêndi parnahe | nauri Butalocaya | wetan lêrês punika |
dhusun Mênang wastanipun | tilasan sadaya sirna ||
12. kadhatonira sang aji | miwah
pasanggrahan sirna | tuwin tilas kadhatone | Nimas Ratu Pagêdhongan | taman
Bagendhawatya | pasanggrahan Wanacatur | mung kantun araning desa ||
13. kaurugan siti pasir | lahar
saking Kêlut arga | wangsul kawula pitakèn | paduka gêndhak sikara | ing anak
putu Adam | nyabdakkên kang botên patut | jaka tuwa prawan tuwa ||
14. kalawan nyukani nami | tanah
ngriki Kitha Gêdhah | lan paduka ngêlih lèpèn | nyabdakakên awis toya | tanah
ngriki sadaya | siya-siya tanpa [ta...]
--- 24 ---
[...npa] urus | sikara datanpa dosa
||
15. gêng-gênging susah wong urip |
laki rabi lalu môngsa | sayêkti dangu pêncare | titahing lata walujya | wit
saking sabda tuwan | lan sapintên susahipun | tiyang kang katrajang bêna ||
16. ngalihe lèpèn Kadhiri | nyimpang
ngetan nrajang desa | sêsawahe têlas kabèh | pintên-pintên karisakan |
kasusahaning janma | lawan pintên susahipun | tiyang kaline kang asat ||
17. yêkti kêkirangan warih | tambah
paduka sotêna | tanah ngriki sadayane | dumadosa awis toya | salami-laminira |
siya-siya tanpa surup | sikara tanpa prakara ||
18. jêng sunan ngandika aris | mulane
sun wèhi aran | tanah Kutha Gêdhah kene | sabab agamaning janma | tan irêng
datan pêthak | têtêpe agama biru | awit agamane Kalang ||
19. sun sotakên larang warih | sun
jaluk banyu tan angsal | mula sun êlih kaline | katêkana [katêka...]
--- 25 ---
[...na] larang toya | tanah kene
sadaya | mula sun sotake iku | jaka tuwa prawan tuwa ||
20. sabab kang ingsun jaluki | banyu
mangsuli tan angsal | bocah wadon prawan balèk | nauri Butalocaya | puniku
botên timbang | lawan kalêpatanipun | tuwan sabdakkên mangkana ||
21. kang lêpat tiyang satunggil |
ingkang susah tiyang kathah | botên timbang lan kukume | punika anggêr punapa |
kang tuwan tindakêna | sawênang-wênang mring makluk | malarati janma kathah ||
22. katura kang darbe nagri | paduka
manggih ukuman | kang malarat langkung abot | sabab angrisakkên tanah | sami
tuwan sotêna | ing ngriki murah ing banyu | dados asil panggêsangan ||
23. laki-rabi alit-alit | enggal
mêncarakên titah | kawulanira Hyang Manon | paduka sanès narendra | ngarubiru
agama | tiyang dahwèn namanipun | anyukani nama tanah ||
24. ngowahke tulis nagari | ngandika
Sinuhun [Si...]
--- 26 ---
[...nuhun] Benang | nadyan katura
sang katong | sang prabu ing Majalêngka | ingsun môngsa wêdia | mungsuh Ratu
Majalangu | ambêkis Butalocaya ||
25. rêmbag paduka puniki | dede
rêmbag ahli praja | rêmbage wong nyunggi tempe | ngandêlake yèn digdaya | bok
sampun sumangkeyan | kinasihan ing Hyang Agung | sugih sanak Malaekat ||
26. ing sakarsa-karsa dadi | botên
tolèh kalêpatan | siya dahwèn pati opèn | têtêp wong gêndhak sikara | nadyan
ing tanah Jawa | yêkti wontên wong kang langkung | prawira kadi paduka ||
27. nanging sami ahli budi | ajrih
bêbênduning dewa | yèn siya sami bangsane | nyiya-siya tanpa krana | punapa gih
paduka | tunggilanipun rumuhun | Ajisaka Ratu Mêndhang ||
28. murid sabate idajil | dados ratu
tanah Jawa | mung tigang taun lamine | mengkrat saking tanah Jawa | sadaya
sumbêr toya | ing Mêndhang saurutipun | binêkta [bi...]
--- 27 ---
[...nêkta] minggat sadaya ||
29. Jisaka wong saking Ngarbi | tuwan
tiyang saking Ngarab | pramila sami watêke | suka karya srik ing janma | paduka
ngaku sunan | yêkti simpên budi luhur | mamrih ayuning buwana ||
30. de wujud tuwan puniki | jajil
bêlis tiningalan | tan tahan ginodha rare | mijil mubal gêlis duka | niku
sunaning menda | yèn sunan janma satuhu | simpên budi luhur panjang ||
31. gih niku cobaning Widhi | begal
nabi olwa[2] raja | kang sirna timbang tantinge | mung gugu
karsa priyôngga | niksa wong tanpa dosa | gih punika marganipun | paduka
manggih cilaka ||
32. pratôndha tuwan samangkin | wus
yasa nraka jahanam | yèn wus dados tuwan angge | siram salêbêting kawah |
wedang kang mumpal-mumpal | kawula bôngsa lêlêmbut | sanès alam lan manusa ||
33. prandene masih mèngêti |
rahayunirèng manusa | paduka wangsulkên age | lèpèn ingkang sampun asat |
--- 28 ---
miwah risaking tanah | wangsula kadi
rumuhun | yèn paduka botên karsa ||
34. mangsulkên kadi rumiyin | sadaya
manusa Jawa | kang Islam sami ngong têloh | kajênge pêjah sadaya | kawula
nyuwun bala | dhatêng Kangjêng Ratu Ayu | Ngin-angin kang nèng samodra ||
35. Sunan Benang duk miyarsi | padune
Butalocaya | rumôngsa kaluputane | nyikara wong tanpa dosa | alon dènnya
ngandika | Butalocaya wruhamu | ingsun iki bôngsa sunan ||
36. tan kêna mangsuli malih | ing
wuwus kang wus kawêdal | amung sun wangêni bae | lawase pôncatus warsa |
sabdaningsun tambara | balia kadi rumuhun | ambêkis Butalocaya ||
37. gih wangsulna sapuniki | yèn tan
wangsul sapunika | kadya ing wau-waune | paduka kawula bônda | Sunan Benang
ngandika | tan kêna mangsuli wuwus | sun pamit nyimpang mangetan ||
38. wohing kayu sambi iki | saiki sun
wèhi aran | wohe kêcacil [kêcaci...]
--- 29 ---
[...l] arane | lir bocah cilik
tukaran | dhêmit wong pacicilan | rêbut bênêr ngadu kawruh | prakara rusaking
tanah ||
39. susahe janma lan dhêmit | sun
suwun marang rabbana | woh sambi loro karyane | dadya asêm dagingira | wijine mêtu
lênga | asêm sêmon ulat kêcut | dhêmit padu lan manusa ||
40. têgêse lênga puniki | dhêmit
mlêlêng janma lunga | dadia sêksi ing têmbe | yèn ingsun padu lan sira |
katêlah praptèng mangkya | woh sambi cacil ranipun | sang wiku malih ngandika
||
41. de gon sun kêtêmu iki | kang lor
aran desa Singkal | ing kene desa ing Sumbre | dene gone wadyanira | kang ana
kidul ika | Kuwanguran aranipun | Sunan Benang sigra mêsat ||
42. malumpat mring wetan kali |
katêlah prapta samangkya | tanah Kutha Gêdhah kene | ana desa Kuwanguran |
Sumbre lawan ing Singkal | têgêse wanguran wêruh | singkal sêngkêl nêmu akal ||
43. Butalocaya [Buta...]
--- 30 ---
[...locaya] nututi | tindakira Sunan
Benang | ing desa Bogêm jujuge | amirsani rêca Buda | sirah dwi badan juga |
nèng ngisor wrêksa trênggulun | woh nêdhêng matêng gêlasah ||
44. Sunan Benang ngasta kudhi | dhas
rêca Buda ginêmpal | Butalocaya ngling songol | puniku iyasanira | Sang Prabu
Jayabaya | kinarya pralambangipun | tekade janmèstri Jawa ||
45. benjang alam Nungsa Srênggi |
sintên janma ningalana | mring rêca niku wujude | anulya sami wuninga |
tekadipun wanita | tanah Jawa iku besuk | angandika Sunang Benang ||
46. sira iku bôngsa dhêmit | wani
padu lan manusa | dhêmit kumênthus arane | nauri Butalocaya | inggih kaot
punapa | dika sunan kula ratu | angandika Sunan Benang ||
47. woh kayu trênggulun iki | saiki
sun wèhi aran | kênthos mungguh ing pêrlune | dadya saksèningsun wuntat | yèn
ingsun kêkêrêngan |
--- 31 ---
lan dhêmit ingkang kumênthus |
prakara rusaking rêca ||
48. katêlah prapta samangkin | wit
trênggulun uwohira | puniku kênthos arane | awit saking sabdanira | Kangjêng
Sinuhun Benang | puniku pituturipun | Rahadyan Budi sung karya ||
49. sigra tindak sang ayogi |
mangalèr ing wayah ngasar | pan arsa salat karsane | ana sumur jawi desa | tan
ana timbanira | ginolingake kang sumur | ngambil wulu lajêng salat ||
50. katêlah prapta samangkin | sumur
iku ingaranan | sumur gumuling kaprahe | Sunan Benang kang gulingna | iku
pituturira | Rahadyan Budi guruku | êmbuh bênêr luputira ||
51. lajêng tindaknya sang yogi | desa
Nyaèn sampun prapta | miyat rêca buta wadon | nèng ngisoring wrêksa dhadhap |
nêdhêng kêmbang wohira | tibèng kanan keringipun | ing rêca buta bêranang ||
52. Sunan Benang aningali | wujude
kang rêca buta | eram dene sing agênge | madhêp ngulon [ngu...]
--- 32 ---
[...lon] jèngkèng lênggah | nêmblas
kaki inggilnya | ubênge bangkekanipun | sadasa kaki tan kurang ||
53. pama dèn lih sing unggyaning |
wong asthatus tan kuwawa | yèn nora lawan prantine | sinêmpal baune kanan |
bathukira kinowak | Ki Butalocaya muwus | paduka nyata dahwenan ||
54. rêca buta bêcik-bêcik | rinusak
tanpa prakara | saniki awon warnine | ing nguni iyasanira | Sang Prabu Jayabaya
| lah punapa asilipun | paduka ngrisak gupala ||
55. Sunan Benang ngandika ris |
mulane iki sun rusak | ywa pinuji ring wong akèh | sinajenan kinutugan | yèn
wong muji brahala | têtêp aran kapir kupur | sasar lair batinira ||
56. Ki Butalocaya angling | janma
Jawa wus uninga | yèn rêca sela wujude | datan adarbe kuwasa | sanès lata wal
ujwa | mila ingurmatan iku | sinajenan kinutugan ||
57. supados sadaya dhêmit | sampun
[sa...]
--- 33 ---
[...mpun] manggèn siti wrêksa |
puniku mêdal asile | dados têdhaning manusa | mila sinung panggenan | kinèn
manggèn rêca watu | wus manggèn wontên gupala ||
58. paduka tundhung mring pundi | wus
wajibe brakasakan | rêca guwa panggenane | gônda arum kang tinêdha | sarira
sêgêr sumrah | yèn wus manggèn rêca watu | gèn kiwa nèng ngandhap wrêksa ||
59. samar ayom sêpi rêsik | sênênge
manah kalintang | wus ngraos sanès alame | dhêmit kalawan manusa | mila
sumingkir ngiwa | sampun manggèn rêca kayu | paduka gêndhak sikara ||
60. têtêp paduka wong jail | siya
samining tumitah | sami makluk Sang Hyang Manon | aluwung manusa Jawa |
ngurmati wujud rêca | kang ginambar waunipun | pantês simpên budi nyawa ||
61. wangsul tiyang bôngsa Ngarbi |
sami sujud Kakbatullah | tugu sela ing wujude | niku langkung saking sasar |
Sunan Benang ngandika | Kakbatullah Mêkah iku | Nabi Brahim [Brahi...]
--- 34 ---
[...m] ingkang yasa ||
62. ing kono pusêring bumi | sinung
tôndha tugu sela | sinujudan ing wong akèh | sapa sujud Kakbatullah | Allah
paring ngapura | luputira kabèh kang wus | Butalocaya atanya ||
63. niku tandhane punapi | yèn angsal
sih pangapura | sadaya kaluputane | napa tampi tôndha asta | sêrat mawi cap
rêta | saking Pangeran Kang Agung | angandika Sunan Benang ||
64. kang kêsêbut kitab mami | yèn
mati antuk kamulyan | Ki Butalocaya bêkos | pêjah malih yèn angsala | kamulyan
kang sanyata | wontên dunya sampun korub | sasar nêmbah tugu sela ||
65. yèn wus nrima nêmbah curi | sae
minggah Kêlut arga | kathah sela agêng sae | iyasanirèng Pangeran | samya wujud
pribadya | mêdal saking ing sabda kun | niku wajib sinujudan ||
66. dhawuhing Hyang Maha Luwih |
sadaya manusa dunya | wikana mring Bètullahi | apan raganing [ra...]
--- 35 ---
[...ganing] manusa | Bètullah kang
sanyata | prau yasane Hyang Agung | wajib rinêksa jinaga ||
67. sintên wruh asaling ciri | wikan
budi hawanira | gih puniku tuladhane | nadyan salat ratri siyang | yèn ngangge
raga gêlap | kawruhira sasar susur | kêsasar nêmbah mring sela ||
68. tugu iyasaning nabi | nabi niku
gih manusa | kawulanira Hyang Manon | pinaringan wahyu nyata | wignya sugih
èngêtan | sidik paningalnya têrus | wêruh cipta durung ana ||
69. kang yasa rêca puniki | Maha
Prabu Jayabaya | inggih kêkasih Hyang Manon | pinaringan wahyu mulya | wignya
sugih èngêtan | sidik paningalnya têrus | wêruh sadurung winarah ||
70. paduka pathokan tulis | wong Jawa
pathokan sastra | bêtuah luri luhure | sami anyungkêmi kabar | luhung
anyungkêmana | kabar tulis luri luhur | tilase kenging pinriksa ||
71. wong nyungkêmi kabar Ngarbi | tan
wruh wujude ing ngrika | êmbuh [ê...]
--- 36 ---
[...mbuh] dora êmbuh yêktos | gêga
ujare wong nglômpra | mila tuwan ngajawa | adol umuk sade kawruh | mulyane
nagari Ngarab ||
72. dene kawula udani | wujude nagari
Mêkah | manusane arang cewok | tanah padhas awis toya | tanêm tuwuh tan mêdal |
panas bantêr awis jawuh | wong kang budi ahli nalar ||
73. mastani Mêkah nagari | kenging
musibating Allah | nagri cilaka arane | wonge nêbut siya-siya | marang asmaning
Allah | kathah sade bangsanipun | kinarya rencang tumbasan ||
74. jinamah datanpa kawin |
pinadhakkên sato kewan | ingkang sanès agamane | tan èngêt sami manusa | sami
turuning Adam | paduka kesah dèn gupuh | paduka tiyang duraka ||
75. nagri tanah Jawi ngriki | nagari
kang suci mulya | madya asrêp lan panase | tanah pasir mirah toya | barang
tinanêm mêdal | jalêr bagus [bagu...]
--- 37 ---
[...s] èstri ayu | madya luwês kang
wicara ||
76. rêmbag paduka puniki | dede
rêmbaging sarjana | rêmbage wong thetheore | pracaya kang nora nyata | yèn
tuwan arsa wikan | têngahe jagad satuhu | ing ngriki gèn linggih kula ||
77. paduka ukur samangkin | yèn cidra
rêmbag kawula | kawula sampeyan jotos | rêmbag paduka kêsasar | tôndha yèn
kirang nalar | kirang nêdha budi kawruh | arêmên siya sikara ||
78. kang yasa rêca puniki | Mahaprabu
Jayabaya | langkung tuwan digdayane | paduka môngsa sagêda | ngêpal lampahing
jaman | paduka kesah dèn gupuh | yèn tan kesah sapunika ||
79. sun undangkên ari mami |
Tunggulwulung Kêlut arga | paduka kawula kroyok | paduka môngsa mênanga |
anuntên kula bêkta | mlêbêt kawah rêdi Kêlut | sayêkti paduka susah ||
80. napa paduka kêpengin | manggèn
sela kados kula | sumôngga [sumông...]
--- 38 ---
[...ga] mring Selabale | dadosa murid
kawula | Sunan Benang ngandika | tan nêdya nurut rêmbugmu | sira setan
brakasakan ||
81. sanadyan kawula dhêmit | taksih
pangkat dhêmit raja | langgêng mulya salamine | paduka dèrèng kantênan | yèn
mulya kadya kula | yèn tekad paduka rusuh | arêmên siya sikara ||
82. mila paduka ngêjawi | wontên
Ngarab sangêt nakal | dadya karan tiyang awon | yèn tuwan nayaka mulya | mokal
kesah sing praja | mila oncat saking Ngarbun | wus pasthi salah lan raja ||
83. tandhane wontên ing ngriki |
tuwan maksih ngulandara | maoni adating uwong | angarubiru agama | damêl
risaking tanah | maoni warna wus bagus | kasêbut anggêr nagara ||
84. wong maoni wangun bêcik | lan
karya risaking tanah | maoni adating uwong | agama lêluhur kuna | wajib ratu
aniksa | binuwang dhatêng Mênawu | ngandika Sinuhun [Sinuhu...]
--- 39 ---
[...n] Benang ||
85. woh kêmbange dhadhap iki | saiki
sun wèhi aran | kêmbange celung arane | aran ledhung uwohira | ingsun kacelung
nalar | kalawan kêtladhung rêmbug | dadya sêksiningsun wuntat ||
86. sun padu lan ratu dhêmit | kalah
kawruh kalah nalar | katêlah prapta sêmangke | woh dhadhap kledhung ranira |
kacelung kêmbangira | sang wiku malih nabda rum | sun pamit mulih mring Benang
||
87. paduka kesah dèn aglis | akarya
sangaring kisma | yèn dangu-dangu nèng kene | akarya susahing kathah | anarik
larang pangan | panas bantêr awis jawuh | Sunan Benang sigra mentar ||
88. Ki Butalocaya mulih | wadyane
kinèn bibaran | ya ta gênti winiraos | nagari ing Majalêngka | Sang Prabu
Brawijaya | enjing siniwèng wadya gung | balabar lir guladrawa ||
3. Dhandhanggula
1. Patih Gajahmada awotsari | dhuh
pukulun kawula tur wikan | pun patik [pa...]
--- 40 ---
[...tik] tampi surate | abdi tuwan
Tumênggung | Kêrtasana atur upêksi | nagari Kêrtasana | asat lèpènipun | kang
saking Kadhiri pêjah | nyimpang ngetan salère kitha Kadhiri | kenging ing
sabdanira ||
2. Sunan Benang ngulama ing Tubin |
pintên-pintên dhusun karisakan | sampun katur sadayane | lir kang kasêbut
ngayun | langkung duka sri narapati | Ki Patih Gajahmada | ingagnya lumaku |
amriksa mring Kêrtasana | anitia wadya lit asiling bumi | kang risak dening
toya ||
3. Sunan Benang kinèn animbali | tan
asami[3] praptaning caraka | Ki Gajahmada ature | èstu
lêrês pukulun | Kêrtasana kasatan warih | duta kang saking Tuban | manêmbah
umatur | pukulun ngulami Benang | tan pinanggih nuju kesah saking panti | tan
wikan purugira ||
4. angandika nata èsmu runtik | iku
patih pra ngulama Ngarab | nora lômba ing karêpe | wiku dhog aranipun |
--- 41 ---
putih jaba jêrone kuning | nora marêm
dhêdhêkah | nêrês ringin kurung | hèh patih sira tundhunga | bôngsa Ngarab kang
ana ing pulo Jawi | mundhak ngribêdi praja ||
5. amung Dêmak lawan Ngampèlgadhing |
sun lilani anèng tanah Jawa | nglêstarèkna agamane | liyane loro iku | lah
ulihna asale lami | lamun tan arsa lunga | pukulên prang pupuh | matur Patih
Gajahmada | inggih lêrês ing karsa paduka gusti | ngulama Giripura ||
6. tigang warsa tan sowan sang aji |
botên asok ubêktining praja | nêdya rêrêmpon ciptane | tan ngrasa ngising
nguyuh | nginum nêdha nèng tanah Jawi | lan malih namanira | santri Giri iku |
ngungkuli asma paduka | apêparab Suhunan Ngaenalyakin | puniku têmbung Ngarab
||
7. jarwa suhunan punika budi |
jarwanipun ngaenal makripat | yakin wikan wêruh dhewe | nama tingal kang têrus
| surasane ing têmbung Jawi | nama Prabu Satmata |
--- 42 ---
punikasma luhur | nglangkungi asma
paduka | ngirib-irib tingale Hyang Maha Suci | wikan tan kasamaran ||
8. ngalam dunya botên wontên kalih |
ingkang asma Sang Prabu Satmata | mung Bathara Wisnu dhewe | kala jumênêng ratu
| wontên Mêndhangkasapta nagri | ngandika sri narendra | pukulên prang pupuh |
ki patih matur sandika | sigra budhal kalawan angirit baris | gêpuk ing
Giripura ||
9. bubar giris wadyabala Giri | tan
kuwawa lumawan ngayuda | Ki Gajahmada pamuke | Sunan Giri lumayu | marang
Benang panggih sang yogi | aminta kêkuwatan | lumawan prang pupuh | nadhahi
wong Majalêngka | tan cinatur prangira wong Majapait | lawan ing Giripura ||
10. sampun kocap babat[4] Majapait | anggitannya pujôngga ing kuna |
amrih gancar caritane | ing wêktu môngsa iku | tanah Jawa wus mèh sapalih |
ngrasuk agama Islam | pasisir sadarum | iring lor saurutira | lan têngahan
[tê...]
--- 43 ---
[...ngahan] ing kidul misih nêtêpi |
agama Budi Buda ||
11. pan sinigêg crita Majapait |
Sunan Benang wus rumôngsa lêpat | antuk nata dêdukane | tan arsa kèndêl dangu |
anèng wisma numpak palwa glis | lan Sunan Giripura | mring Dêmak wus pangguh |
lan Adipati Bintara | pan ingêbang wruhanira ki dipati | iki têkaning môngsa ||
12. risakira kraton Majapait |
umurira satus tigang warsa | saka panawangku kene | kang kêlar dadi ratu |
mêngku ing rat satanah Jawi | gêntèni ramanira | kapraboning ratu | mung sira
iku kang kêlar | atas saking karsane Hyang Maha Luwih | samêngko rêmbug ingwang
||
13. lah rusakên nagri Majapait |
lawan alus dhêmit ingkang samar | ayya kawêntar ing akèh | sowana Bakdamulud |
rumantia sikêping jurit | sawadyabalanira | pra sunan sadarum | miwah sagunging
bupatya | bawahira kang uwis manjing Islami | kumpulna anèng Dêmak ||
--- 44 ---
14. samudana ngadêgake masjid | yèn
wis kumpul sun kang awèh nalar | maring para sunan kabèh | miwah para
tumênggung | kang wus salin gama Ngarabi | sayêkti nurut mringwang | pra sunan
sadarum | umatur sang adipatya | ulun ajrih ngrisak nagri Maospait | mungsuh
bapa tur nata ||
15. kaping tiganipun ambêciki | sung
nugraha kamuktèn nèng dunya | punapa sun walêsake | mung sêtyatuhu ulun |
dhawuhipun suwargi kyai | Suhunan Ngampèldênta | tan parêng amungsuh | mring
rama sanadyan Buda | pan punika jalaran ulun dumadi | wujud gêsang nèng dunya
||
16. Buda kapir kapire pribadi | nama
bapa wajib linuhurna | lan dèrèng wontên lêpate | kangjêng rama mring ulun |
Sunan Benang ngandika aris | sanadyan mungsuh bapa | bêciki lan ratu | nora ana
walatira | ngrusak kapir Buda kawak sira manggih | ganjaran swarga mulya ||
17. Sunan Ngampèl iku
--- 45 ---
santri mêri | gundhul bêntul budhêng
tan wruh nalar | mung jaga godhogan bae | sapira kawruhipun | Sayid Rahmat ing
Ngampèlgadhing | bocah lairan Cêmpa | tan padha lan ingsun | Sayid Kramat Sunan
Benang | têdhak Rasul kang pinuji wong sabumi | panutane wong Islam ||
18. sira mungsuh ramanira aji |
nadyan dosa-dosa wong sajuga | tur tuwa kapir wujude | yèn kalah bapakamu |
sayêktine wong tanah Jawi | samya Islam sadaya | sapira bêgjamu | nugrahanirèng
Pangeran | tikêl ping buh sihing Hyang Kang Maha Luwih | kang tumiba mring sira
||
19. satêmêne ramanira aji | luwih
siya putu marang sira | ingkang dadya pratandhane | sira pinaring juluk | aran
babah iku tan bêcik | têgêse aran babah | iku têmbung saru | bage mati bage gêsang
| wiji Jawi ginawa mring Cina putri | mulane ibunira ||
20. pinaringkên Palembang Dipati |
Arya Damar wong pranakan buta |
--- 46 ---
amêgat sih sayêktine | têtêp galih
tan ayu | ramanira sri narapati | mulane rêmbug ingwang | walêsên lan alus |
ing lair aja kêtara | ing batine sêsêpên rahe dèn ênting | mamahên balungira ||
21. Sunan Giri anambungi angling |
ingsun iki putu linurugan | mring ramanta utusane | tan ana dosaningsun |
ingaranan rêraton mami | sabab tan arsa seba | marang Majalangu | sumbare Si
Gajahmada | yèn kacandhak ingsun nêdya dèn kuciri | lan kinèn guyang sona ||
22. lan sakèhing santriningsun sami |
akèh Cina kang samya ngêjawa | nèng Giri sun Islamake | kang muni kitab ingsun
| yèn wong Islam ngislamkên kapir | yêkti tômpa ganjaran | suwarga ing besuk |
mulane kèh bôngsa Cina | kang mring Giri sun Slamkên sadaya sami | sun anggêp
kulawarga ||
23. praptaningsun kene ngungsi urip |
marang sira wêdi Gajahmada | lawan ramanira anggèr | dene sêngit kalangkung |
--- 47 ---
mring wong santri kang puji dikir |
ingaran lara ayan | awan sore esuk | yèn sira tan ngukuhana | yêkti rusak agama
Mukhammad Nabi | nauri sang dipatya ||
24. niku lêrês ingkang anglurugi |
wong rêraton tan ngrasa kaprentah | mring ratu kang bawahake | wus wajibe dèn
ukum | linurugan dipun patèni | dika botên rumôngsa | mangan ngising nguyuh |
wontên jroning tanah Jawa | kang makatên puniku wus datan sisip | Sunan Benang
ngandika ||
25. yèn tan sira rêmbug wêktu iki |
kaprabone putu ramanira | yèn sira anti surude | sayêkti pasrahipun | mring
dipati ing Panaragi | krana putra pangarsa | miwah putra mantu | ing Pêngging
Ki Dayaningrat | môngsa pasrah kaprabon mring sira kaki | de sira putra
ngandhap ||
26. nora wajib jumênêng narpati |
mumpung iki ana lawang mênga | Giri dadi jalarane | angrusak Majalangu | nadyan
mati mungsuh lan kapir | yêkti tômpa [tô...]
--- 48 ---
[...mpa] ganjaran | mati nêmu ayu |
nampani sawarga mulya | wus wajibe wong Islam mati lan kapir | nyungkêmi mring
agama ||
27. lawan wajibira ing aurip | angupaya
nugrahanèng dunya | darajad kang luhur dhewe | yèn urip nora wêruh | nora melik
darajat lalir | lamun sipat manusa | mêsthi melikipun | mêngku praja angrèh
wadya | apan ratu kalipahira Hyang Widhi | nganggo sakarsa dadya ||
28. satêmêne sira wus pinasthi | dadi
ratu anèng tanah Jawa | gumanti ramanta anggèr | nanging ta lairipun | kudu
sandi dèn istiyari | rinêbut lawan aprang | iku saratipun | yèn sira tan
istiyara | sayêktine sihing Hyang pinundhut bali | sira nampik sihing Hyang ||
29. ingsun amung darma anjurungi |
kang wus wêruh sadurung winarah | sun sêmprong wus katon jèngglèh | sumrawang
kawruh ingsun | nora samar ing dalêm gaip | sira ingkang katingal | sisih Hyang
Maha Gung | dadi ratu tanah
--- 49 ---
Jawa | amurwani nyalini agama suci |
berat agama Buda ||
30. kathah-kathah dhawuhnya sang yogi
| ngêbang-êbang marang sang dipatya | mamrih ngadêg kasurane | angrusak
Majalangu | dèn misili carita nabi | kang padha ngrusak bapa | kapir nêmu ayu |
ingsun niki wong wis tuwa | mênangana adêgira narapati | paring idi mring sira
||
31. rahayune adêgira aji | mutêr ing
rat mêngku tanah Jawa | lêstaria sabanjure | sang dipati umatur | yèn makatên
karsa sang yogi | kawula namung darma | lumampah satuduh | paduka kang botohana
| Sunan Benang pangandikanira aris | yaiku sun karêpna ||
32. yèn wus gêlêm sira sun botohi |
lah kirima layang arinira | Dipati Têrung dèn age | kang rapêt têmbung alus |
lah antêpên arinirèki | apa abot ring nata | apa bot sadulur | tuwa tur tunggal
agama | yèn adhimu Dipati Têrung ngrujuki | adêgira narendra ||
--- 50 ---
33. gampang bangêt ngrusak Majapait |
Majalêngka sapa dèn andêlna | yèn uwis balik Si Kusèn | Si Gugur isih timur |
môngsa dadak wania gêtih | Gajahmada wus tuwa | wungkuk ambalêngkuk | dèn
thuthuk bae palastra | môngsa kêlar nadhahi yudamu kaki | sigra sang adipatya
||
34. kirim surat mring Têrung Dipati |
tan alami prapta kang caraka | wus tinampèn wangsulane | sang dipati ing Têrung
| pan jumurung biyantu kapti | sakarsane kang raka | sêrat nulya katur | ing Kangjêng
Suhunan Benang | suka ing tyas sang wiku dupi mriksani | surate sang dipatya ||
35. Sunan Benang angandika aris |
aturana pra sunan sadaya | yèn ingsun ana ing kene | lan bupati sadarum |
samudana ngadêgkên masjid | tan lama sami prapta | pra sunan sadarum | miwah
kang para dipatya | pakumpulan parlu ngadêgakên masjid | sawuse masjid dadya ||
36. para sunan lan para bupati |
--- 51 ---
salat subuh nèng masjid sadaya |
sawusnya bakda salate | tinutup korinipun | Sunan Benang ngandika aris | hèh
sagung para sunan | bupati sadarum | lamun rêmbug sira padha | Sang Dipati
Bintara sun dêgkên aji | mêngku rat tanah Jawa ||
37. sarta bêdhah kraton Majapait |
ngrusak kapir nora nêmu dosa | nampani suwarga têmbe | yèn sira padha rêmbug |
prayogane ing dina iki | Ki Dipati Bintara | ingsun angkat ratu | mumpung wus
kumpul sadaya | para sunan lan sagung para dipati | samêkta saha wadya ||
38. para sunan lan para dipati |
sabiyantu jumurung ing karsa | Sunan Benang timbalane | Sèh Sitijênar matur |
sangêt malang karsa sang yogi | rêmbuge para sunan | bupati sadarum | Sitijênar
pinêjahan | Sunan Giri kang kinèn nglawe nêlasi | pêjah nulyana swara ||
39. eling-eling ngulama ing Giri |
sira nora sun walês ngakerat | ingsun walês dunya bae |
--- 52 ---
dèn èngêt sira besuk | lamun ana
narendra Jawi | kanthi wong bôngsa tuwa | sun lawe gulumu | Sunan Giri duk
miyarsa | anauri besuk wani mêngko wani | môngsa ingsun mungkira ||
40. wus mangkana biyantuning kapti |
nglêstarèkkên kang sampun rinêmbag | sang adipati adêge | gya ingidenan sampun
| sang dipati jumênêng aji | mêngku rat tanah Jawa | sarta ajêjuluk | Senapati
Jimbuningrat | patihira tiyang saking Ngatasangin | nama Patih Mangkurat ||
41. enjingira samêktèng ajurit | para
sunan lan para bupatya | mimba grêbêgan lakune | riaya Bakdamulud | wadya alit
tan ana ngêrti | ing wadinirèng lampah | mung para tumênggung | kang sampun
agama Islam | para sunan lan sagung para ngulami | Sunan Giri lan Benang ||
42. datan tumut marang Majapait |
pawadane wus sêpuh tan kuwat | namung paring idi bae | rahayunirèng laku |
salat kajat wontên ing masjid | muhung [mu...]
--- 53 ---
[...hung] kang para sunan | bupati
sadarum | umiring Sultan Bintara | tan kawarna ing marga lampahing baris |
kocapa Majalêngka ||
43. Patih Gajahmada saking Giri |
tinuduh judhag para ngulama | wus sowan ngarsa pamase | nêmbah sarwi umatur |
amba sampun dinutèng aji | mukul prang Giripura | lumawan ing pupuh |
senapatining ayuda | bôngsa Cina masuk agami Islami | namane Sêcasena ||
44. mangsah mêncak dêdamêle abir |
sawadyane tri atus watara | sami mêncak kawignyane | brêngos capang dhas
gundhul | ngangge surban pangangge khaji | mangsah prang ting panculat | kadya
walangkadung | wadya tuwan anyanjata | ting jangkelang tan kêlar nadhahi mimis
| pun Sêcasena pêjah ||
45. ingkang kantun gêsang sami ngili
| wadya Giri ngungsi ing wanarga | wênèh ngambang samodrane | praptèng Giri
lumayu | dhatêng Benang kawula usir | ngulami Giri Benang | lajêng numpak prau
| layar angambang samodra |
--- 54 ---
ulun kintên lajêng minggat mring
Ngarabi | tan wangsul angêjawa ||
46. sri narendra angandika aris |
sira patih paringa uninga | mring Si Patah dipun age | dhawuhna dhawuh ingsun |
yèn ngulama Benang lan Giri | prapta nagara Dêmak | dèn cêkêla gupuh | aturna
bandan ngarsèngwang | dosanira santri Benang ngrusak bumi | tanah ing Kêrtasana
||
47. dosanira ngulama ing Giri | nora
arsa seba ing ngarsèngwang | nêdya rêrêmpon tekate | patih sandika mundur |
sapraptaning pasowan jawi | lajêng matah caraka | gandhèk kang ingutus | mundhi
nawala narendra | marang Dêmak kasaru na duta prapti | saking Pathi Bupatya ||
48. tur nawala marang kyana patih |
wus tinampèn binuka winaca | mangkana sêrat têmbunge | sêmbah sumungkêm ulun |
Menak Tunjungpura ing Pathi | katur kiyai lurah | awiyos atur wruh | samangkya
Dipati Dêmak | Babah Patah sampun madêg narapati | wontên [wo...]
--- 55 ---
[...ntên] nagari Dêmak ||
49. Sunan Benang kalawan ing Giri |
ingkang dadya pangajênging karsa | angêbang-êbang kalihe | ing adêgipun ratu |
mêngsah ratu lawan sudarmi | samangkya Babah Patah | awrat gurunipun |
angènthèngakên kang rama | wus ingèstrèn madêgira narapati | amêngku tanah Jawa
||
50. ingkang ngangkat bupati pasisir |
sawadyane kang Islam sadaya | ingkang ngidèni adêge | para sunan sadarum | saha
wadya biyantu kapti | ambêdhah Majalêngka | jêjuluking ratu | Senapati
Jimbuningrat | kang pinuji kang dèn êmbun wong sabumi | samangkya sampun budhal
||
51. mukul ing prang nagri Majapait |
saha wadya sakapraboning prang | wadya tri lêksa kathahe | mênggah ing
konjukipun | maha prabu ing Majapait | sumôngga kyai lurah | surat titi sampun
| Pathi tanggal kaping tiga | wulan Mulud ing taun nuju Jimakir | sèwu tri atus
astha ||
52. môngsa nawa Prangbakat [Prang...]
--- 56 ---
[...bakat] marêngi | kyana patih wusnya
tampi surat | jêtung gêrêng-gêrêng gèdhèg | tumênge[5] wiyat nêbut | ya bathara dewa kang luwih |
langkung gawok tyas ingwang | wong Islam sadarum | datan bêcik kandhutannya |
agamane nakal alame basiwit | tan ngèlingi ing wuntat ||
4. Pangkur
1. kya patih wangsul mring pura |
praptèng ngarsa nata umatur aris | dhuh pukulun mahaprabu | kawula tur uninga |
putra tuwan ing Dêmak samangkya sampun | madêg nata anèng Dêmak | jêjulukira
narpati ||
2. Senapati Jimbuningrat | para sunan
ingkang ngangkat ngidèni | miwah bupati sadarum | pasisir kang wus Islam |
putra tuwan samangke wus budhal nglurug | gêjag[6] nagri Majalêngka | akarya buwana balik ||
3. kagyat Prabu Brawijaya | gêtun ngungun
eram sajroning galih | jêgrêg dangu tanpa muwus | kagagas ing wardaya | ingkang
putra lan para sunan [suna...]
--- 57 ---
[...n] sadarum | kolu ngrusak
Majalêngka | sakarêpe dèn turuti ||
4. ingidèn pinaring pangkat | dene
mangke karya buwana balik | linuruh datan kêpangguh | dèn nalar-nalar wudhar |
lair batin tan ana ingkang tinêmu | ingkang dadi sababira | kang putra lan pra
ngulami ||
5. têka arsa ngrusak pura |
sungkawanya ratyagung kang linuwih | sinêmonan ing dewa gung | tyase kumbang
maesa | dipun môngsa tumane kinjir sadarum | wasana alon ngandika | Mahaprabu
Majapait ||
6. patih apa sababira | ya Si Patah
lawan para ngulami | kolu ngrusak Majalangu | tan tolih kabêcikan | Kyana Patih
Gajahmada nêmbah matur | cupêt pêpêt tyas kawula | tan sagêd matur ing gusti ||
7. dening têbih saking nalar | dèn
saèni walêsipun ngawoni | crita kang kasêbut nèng buk | pikukuhing wong Jawa |
Jawa Jawi kang mangrêti agal alus | wajibe yèn binêcikan | sayêktine [sa...]
--- 58 ---
[...yêktine] malês bêcik ||
8. amung lagya tiyag Islam | dèn
saèni walêse angawoni | têtêp lawan sêbutipun | anyêbut nama Allah | ila-ila
tiyang Islam batosipun | putihe jaba kewala | nanging jêronipun kuning ||
9. beda sêbute wong Buda | nêbut
jagad dewa gung kang linuwih | jagad niku aranipun | dewa budi lan hawa | raga
budi puniku ing karêpipun | ngluhurkên asmaning êdat | iku puji kang prayogi ||
10. anêbut Nabi Mukhammad |
Rasulullah panunggul para nabi | Mukhammad makaman kubur | kubur rasa kang
salah | milanipun bêngak-bêngok enjing surup | nêkêm wêtêng calumikan |
jungkar-jungkir ngambung bumi ||
11. sakèhing pangan winada | trancam
cacing pêcêl kucing sinirik | dhèndhèng kêthèk opor lutung | bothoke ula sawa |
sate rase lêmêng kirik pindhang asu | bêkakak babi andhapan | gorengan [goreng...]
--- 59 ---
[...an] kodhok lan cindhil ||
12. gêcok lintah ingkang mêntah |
bècèk usus sona irêng kêbiri | kare kuwuk bêstik gêmbluk | iku winastan karam |
langkung sêngit kalamun ningali asu | pangirèngsun têrus ing tyas | batine
rêsik pacêrin ||
13. ing wau ngandêl kawula | marang
santri gènnya sêngit kêpati | tan arsa anggêpok asu | ulame dèn karamna | mung
wadose dèn karsakna sabên dalu | kinalalkên tanpa pisah | mila ulame sinirik ||
14. gumujêng guguk sang nata | ya
mangkono kojahe yayi dèwi | Putri Cêmpa marang ingsun | mula cèlèng lan sona |
karo iku kinaramkên iwakipun | asu nêpsu asalira | cèlèng iku colong maling ||
15. yèn iwakira pinangan | marang
janma tekate nênulari | gêlêm nyolong sugih nêpsu | kaya cèlèng lan sona |
Patih Gajahmada manêmbah umatur | dene gêlare prayoga | lair batine tan [ta...]
--- 60 ---
[...n] bêcik ||
16. ngandika Sri Brawijaya |
wruhanira patih prakara iki | sun dhewe kang maha luput | gêgampang mring agama
| kang wus kanggo lêluhur turun-tumurun | kagiwang ing aturira | yayi Dèwi
Dwarawati ||
17. yèn agama Rasulullah | suci mulya
tinimbang lan liyaning | dadya tyas ingsun kalulun | kagiwang aturing dyah |
angidèni para ngulama sadarum | mêncarakên gama Islam | ing Jawa urut pasisir
||
18. sasênêngira wong Jawa | manjing
Islam manira datan mênging | dene iku thukulipun | têka nasar bêlasar | nora
ana kabêcikan kang tinêmu | ilang tataning manusa | dèn bêciki angalani ||
19. rata-rata awonira | nora ana siji
kang ahli budi | iku gawoking tyas ingsun | mung manis rêmbug ngarsa | ing
batine angandhut watu sagênuk | kinarya ambandhêm sirah | yya nganti
mindhogawèni ||
20. janma Islam watakira | kaya tikus
praptane dingkik-dingkik | jaluk pangan [pa...]
--- 61 ---
[...ngan] urip lêmu | ingsun umbar
angrêda | ngêntèkake pariku salumbung bandhung | sun dhewe nora mêmangan | mati
warêg tanpa tai ||
21. warêge mung warêg susah | tanpa
isi bêras pariku ênting | têlas dèn môngsa ing tikus | tekade luwih sasar |
puji dikir kinarya ngijir pakewuh | salat karya lat-alatan | ulatan panggawe
sisip ||
22. panganggo seta lir setan | putih
jaba ing jêro abang langking | sun suwun maring dewa gung | mugi winalêsêna |
susah ingsun mring wong Islam iku besuk | kuwalik agamanira | janmaa wong kucir
benjing ||
23. dene tan wruh kabêcikan | sun
bêciki walêse angalani | sabdanira ratu agung | sajroning kasusahan | tinarima
marang dewa kang linangkung | sinêksenan ing bawana | pratôndha jumêglug muni
||
24. gêtêr dhèdhèt erawatya | awit iku
kuntul ana kang kucir | sunan ngulama sadarum | ngrangkêp nama walikan |
--- 62 ---
mratandhani katrima panuwunipun |
Mahaprabu Brawijaya | marang dewa kang linuwih ||
25. katêlah prapta samangkya | para
sunan ngulama nama wali | kuntul kucir githokipun | ngandika sri narendra | hèh
ta patih paran kang dadi rêmbugmu | prakara praptaning mêngsah | santri ingkang
ngrêbut nagri ||
26. apa linawan ing aprang | apa ora
patih matur wotsari | dhuh pukulun mahaprabu | saajêngira ajang | sinêgahan ing
aprang sawontênipun | Sri Brawijaya ngandika | hèh wêruha sira patih ||
27. abot sanggane Si Patah | pra
bupati pasisir ekakapti | wus tunggal agamanipun | sawadyabalanira | lah
wawasên senapatining prang pupuh | Dipati Têrung nagara | timbangmu abot mring
êndi ||
28. Si Patah kalawan ingwang | Patih
Gajahmada umatur aris | panimbang amba pukulun | awrat mring padukendra | kang
nyêngkakkên sing ngandhap prapta ngaluhur | ingangkat dadya manggala | ing
Têrung [Tê...]
--- 63 ---
[...rung] nama dipati ||
29. sri narendra angandika |
kiraningsun Dipati Têrung balik | ngènthèngake marang ingsun | abot sadulur
tuwa | kapindhone anunggal agamanipun | tunggal tanah kalairan | mulane sun
kira balik ||
30. gêtun ngunguning tyas ingwang |
yèn Si Patah melik dadi narpati | disuwuna krana alus | karaton tanah Jawa |
sun paringkên karana bêcik puniku | umur ingsun kari pira | mung kamukswan sun
ulati ||
31. têka pinukul ing yuda | tinggal
tata adate bôngsa iki | tan ana panantangipun | angganggo adat khewan | nora
ngetung pratingkah kang bênêr luput | mungsuh bapa pindho nata | ping tiga agawe
bêcik ||
32. yèn ingsun lawanan aprang |
ingsun wirang ginuyu bumi langit | bapa mungsuh lawan sunu | sinurakan ing dewa
| tan rumôngsa wong tuwa wungkuk wus gapuk | sun tandhingi padha tuwa | sun
arsa lolos mring Bali ||
33. ing wuri môngsa bodhoa |
--- 64 ---
suguhana ing prang mung sawatawis |
aja ngrusakkên wadya gung | lan sira nimbalana | putraningsun Dipati Pêngging
dèn gupuh | lan Dipati Panaraga | sawadya kaprabon jurit ||
34. yèn manira nimbalana | gunging
wadya bupati môncanagri | kêsusu praptaning mungsuh | wadya Dêmak wus cêdhak |
mungsuh santri sayêkti pêrange rusuh | atinggal kramaning aprang | santri
kêndhil ngrayah asil ||
35. manira iki wis tuwa | nora kêlar
jênêngi ing ajurit | pêrak marang murud ingsun | lan abot iki mêngsah | angêndêlke
Si Gugur wong durung umur | lagya eca gunêm rasa | kêsaru gègèring jawi ||
36. wong Dêmak angêpung pura | para
sunan samya mangsah ngawaki | gugup tyasira sang prabu | lolos saking jro pura
| Sabdapalon Nayagenggong kang tut pungkur | Kyana Patih Gajahmada | bramantya
mangsah ing jurit ||
37. astha bupati nayaka | jagapraja
pra mantri magêrsari | kang samya sumiwèng prabu |
--- 65 ---
pra putra punakawan | samya gugup
sarêng nyandhak sampluk ngamuk | angsahe lir singalodra | sadaya wus ambêg pati
||
38. tri lêksa wadya ing Dêmak |
tigang èwu wadya ing Majapait | sarêng campuh ing prang pupuh | bêdhil muni
sapisan | mangsah rukêt campuh tumbak lawan sangkuh | pêdhang lamêng lan
kulewang | gya rangsang-rinangsang kêris ||
39. wong Majalêngka lir parang |
kadya alun wadya ing Dêmak nagri | kang tinêmpuh kukuh bakuh | wadya Dêmak
anunjang | tumpês ngarsa ing wuri prapta gumulung | pra wasi para ngulama | wus
nêdya mati prang sabil ||
40. surake kadya ampuhan | para
mukmin tan kêndhat puji dikir | la ilaha ilullahu | Mukhammad Rasulullah | la
kaola kuwata saking Hyang Agung | jayaa wadya ing Dêmak | apêsa wong Majapait
||
41. pra sunan lan pra bupatya | samya
mangsah ngawaki ing ajurit | guru santri para kaum | wong Majalêngka tadhah |
pra bupati [bu...]
--- 66 ---
[...pati] sadaya angamuk punggung |
kang tinêmpuh têtumpêsan | kang wuri anunjang wani ||
42. wantune kabotan lawan | wong tri
èwu wus tumpês ing ajurit | amung kantun lajêripun | patih para nayaka | ngamuk
ringut kang katrajang bubar larut | binendrong sing katêbihan | astha nayaka
wus mati ||
43. Rahadèn Lêmbu Pangarsa | putra
nata angamuk mobat-mabit | tinadhahan Sunan Kudus | rame watang-winatang |
dangu-dangu rahadèn winatang lampus | Gajahmada mangsah yuda | ngamuk anglir
banthèng kanin ||
44. ki patih lir tugu waja | datan
pasah tapak tilasing kikir | tanapi tapaking palu | myang sisaning gurenda |
têguh timbul kuwat kêngkêng atos lunyu | tan ana braja tumama | kang katrajang
bubar ngisis ||
45. angamuk lir liman mêta | kang
katrajang lêbur atumpês tapis | wangkening wong tumpang sungsun | siniwo wuri
ngarsa | kanan kering kang tinêmpuh sirna larut | kang tadhah pêjah
--- 67 ---
gêlasah | pinêdhangan ing ki patih ||
46. binendrong saking têbihan | lir
garimis tibane ponang mimis | kadya udan tibèng watu | tan ana kang tumama |
Sunan Ngudung nulya mangsah ngêmbat lawung | lumarap tumbak tan pasah | kyana
patih malês aglis ||
47. anggoco lawan curiga | jaja butul
Sunan Ngudung ngêmasi | ingêbyukan wadya agung | sapira kuwatira | wong sajuga
Ki Gajahmada wus lampus | kuwandhanya ilang musna | nulya na swara kapyarsi ||
48. hèh eling-eling wong Islam | dèn
bêciki ing gusti angalani | ngrêbut praja amrih lampus | sun walês sira benjang
| ingsun ajar wêruh nalar bênêr luput | sun damoni sirahira | rambutmu sun
cukur brêsih ||
49. pra sunan manjing jro pura |
angulati sang nata tan pinanggih | jroning pura amung kantun | Ratu Mas
Darawatya | ingaturan mring Benang sumingkir sampun | wadyalit manjing jro pura
| anjarah ngrayah abrêsih ||
--- 68 ---
50. wadyalit tan ana lawan | Radèn
Gugur lolos tan bêkta dasih | Dipati Têrung gya rawuh | byantu ngrayah jro pura
| buku-buku bêtuwah Buda tinunu | tan ana kèri satunggal | pikukuh agama Budi
||
51. wadyalit ambyar sumêbar | bètèng
bangsal Têrung ingkang jagèni | wong Islam prajurit Têrung | prentahe sang
dipatya | yèn wong Buda ngungsi bètèng kinèn nglampus | wong Buda ngungsi
wanarga | kang têluk ngumpul jro puri ||
52. layone para nayaka | Buda Islam
kinumpulakên sami | sadaya sarêng kinubur | sakidul wetan pura | winastanan ing
Tralaya kuthanipun | kubure putra palastra | Rahadyan Lêmbu Pangarsi ||
53. wong Buda kang têluk ing prang |
pan sadaya ingislamakên sami | prasamya kinèn anêbut | maring asmaning Allah |
lawan nêbut Mukhammad Rasulullahu | lan kinèn ngucap sahadat | sawusira tigang
ari ||
54. sigra budhal Sultan [Su...]
--- 69 ---
[...ltan] Dêmak | marang Ngampèl
anyare tigang ari | ingkang pinatah ing pungkur | baris nèng Majalêngka | Kyana
Patih Mangkurat Dipati Têrung | jagani pakewuhing prang | yèn ana wadya ambalik
||
55. senapatining ngalaga | Sunan
Kudus nèng bètèng Têrung baris | dadya wakile sang prabu | kanthi para ngulama
| tigang atus salat kajad sabên dalu | yèn siyang andêrês Kuran | têrbangan
dikiran tahlil ||
56. wadya saparo binêkta | marang
Ngampèl para sunan bupati | samya umarêk sang prabu | prapta ing Ngampèldênta |
cinarita Jêng Sunan Ngampèl wus surud | namung kantun ingkang garwa | asal
saking nagri Tubin ||
57. putrane Sang Arya Teja | nagri
Tuban ginarwa mring sang yogi | sasedanira sang wiku | Jêng Sunan Ngampèldênta
| anèng Ngampèl pan maksih sinêpuh-sêpuh | mring wadya ing Surabaya | kang
wayah mangsah ngabêkti ||
58. rinangkul lungayanira |
ganti-ganti para sunan [suna...]
--- 70 ---
[...n] sung taklim | miwah bupati
sadarum | ganti mangsah tur sêmbah | wusnya tata alênggah kang wayah matur |
eyang kawula tur wikan | ing Majalêngka nagari ||
59. pan sampun kawula bêdhah |
kangjêng rama lolos saking nagari | kalawan pun yayi Gugur | ical botên
kantênan | Patih Gajahmada lumawan prang pupuh | tinadhahan para sunan | Jêng
Sunan Ngudung ngêmasi ||
60. sinuduk jajanya tatas | kyai
patih ugi sampun ngêmasi | ulun sampun madêg ratu | mêngku rat tanah Jawa |
aran ulun inggih Senapati Jimbun | inggih Panêmbahan Plembang | kadhaton Dêmak nagari
||
61. sowan kawula punika | ing paduka
eyang anuwun idi | têtêp ulun dados ratu | amêngku tanah Jawa | run-tumurun
praptèng putra wayah buyut | sampun wontên ngaralira | sampun wontên kang
nyêlani ||
62. nyai agêng duk miyarsa | ingkang
wayah rinangkul dèn tangisi | ginagas sajroning [sajro...]
--- 71 ---
[...ning] kalbu | dosa gêng tri
prakara | mungsuh ratu sudarma tanapi angsung | nugraha kamuktèn dunya |
rinusak tanpa prakawis ||
63. lan èngêt kasaenannya | ingkang
uwa Brawijaya narpati | para ngulama sadarum | inguja sakarsanya | pinaringan
siti sapamêtunipun | wong Jawa kang nêdya gantya | agama tan dèn wangêni ||
64. ing mangkya winalês ala | tanpa
dosa amung tan arsa salin | agama Rasulullahu | lolos saking jro pura | tanpa
wadya tan karuhan dunungipun | seda lawan sugêngira | wusana ngandika aris ||
65. putu sun takon ing sira |
satêmêne tutura kang sayêkti | sapa bapakmu satuhu | sapa kang ngangkat sira |
dadi ratu ana tanah Jawa iku | lan sapa ngidèni sira | apa sabab sira wani ||
66. wani ngrusak Majalêngka | salah
apa Sang Prabu Majapait | dene sira iku purun | sikara tanpa dosa | ingkang
wayah alon dènira
--- 72 ---
umatur | saking wartose pun biyang |
sudarma kawula yêkti ||
67. ratu nagri Majalêngka | Brawijaya
jêjulukira aji | ingkang ngangkat dados ratu | mêngku ing tanah Jawa | pra
bupati pasisir sadayanipun | kang ngidèni para sunan | sawadya biyantu kapti ||
68. ngrusak nagri Majalêngka |
prakawise amung tan arsa salin | agama Rasulullahu | kawula tan duraka |
nyirnakakên sudarma kang kapir kupur | Buda kawak ngangkak-angkak | dhawuk lir
kawuk tan eling ||
69. tan arsa agama Islam | duk
miyarsa nyai agêng asru jrit | kang wayah rinangkul gapyuk | dhuh putu
wruhanira | sira iku nêmu durakèng Hyang Agung | dosanira tri prakara | ratu tur
nganggo sudarmi ||
70. bêciki asung nugraha | sira wani
ngrusak tanpa prakawis | anane Islam lan kupur | sapa kang karya Islam | amung
siji Pangeran Kang Maha Luhur | tan kêna pinêksa-pêksa | jiniyat ganti agami ||
71. lamun [la...]
--- 73 ---
[...mun] durung karsanira | praptèng
pati yêkti dipun andhêmi | nyungkêmi agamanipun | yèn wus pinarêngêna | marang
Allah tan susah pinardi iku | wus pasthi karsa priyôngga | angrasuk agama nabi
||
72. Pangeran kang sipat rahman | nora
akon utawa nora mênging | wong salin agamanipun | sasênênge priyôngga | nora
niksa wong kapir kang nora luput | tan ganjar marang wong Islam | ingkang
tumindak tan bêcik ||
73. mung bênêr lan luputira | dèn
adili lawan têtêping adil | lalar-lulurên asalmu | ibumu putri Cina | nêmbah Pèkkong
wujud gambar rêca watu | tan kêna sira sêngita | mring wong kapir Buda Budi ||
74. tôndha tekatmu lapisan | tekat
santri anganggo adat katri | mula blero paningèlmu[7] | tan wêruh lêrês lêpat | amung jare
angaku putra sang prabu | mula sira kolu bapa | angrusak tanpa prakawis ||
75. beda tekate [te...]
--- 74 ---
[...kate] wong Jawa | Jawa Jawi
mangarti mata siji | yêkti wêruh bênêr luput | kang bêcik lan kang ala | yêkti
wêdi mring bapa kapindho ratu | bêciki asung nugraha | iku wajib dèn bêktèni ||
76. eklase jroning wardaya | nora
niyat ngabêkti mring wong kapir | niyat bêkti bapa ratu | wus wajibing manusa |
yêkti bapa ing ratu kang pinisêpuh | wong tan bêkti ratu bapa | urip tanpa mata
yêkti ||
77. putu sun mingsili crita |
panjênêngan wong agung Kuparmani | akrama Putri Madayun | putra Prabu Nusirwan
| kapir kawak kumawak dhawuk abawuk | padha lawan narpatinta | prandene dèn
aji-aji ||
78. tur iku bapa mratuwa | suprandene
wong Menak wêdi asih | tur sêngit mring mantunipun | sabab seje agama | minta
sraya pra ratu kang sampun wudhu | kinèn nyirnakkên wong Menak | wong agung
mêksa wêdyasih ||
79. iku palupi utama | kalakuan kang
kanggo
--- 75 ---
wong linuwih | tan kaya tekatmu putu
| bapa disiya-siya | dupèh kapir Buda kawak run-tumurun | tan arsa ganti agama
| puniku dudu prakawis ||
80. jalaran rusaking praja | apa sira
wus nganggo angaturi | putu marang sudarmamu | kinèn salin agama | Sultan Dêmak
alon dènira umatur | kawula dèrèng aturan | ngaturi salin agami ||
81. nyi agêng gumujêng suka | luwih
luput tindakira puniki | nadyan pra nabi rumuhun | Ibrahim miwah Musa | tuwin
Nabi Mukhamad ingkang sira nut | padha mungsuh lan wong tuwa | prakara salin
agami ||
82. nanging tan sêpên aturan |
ginêlaran mujijat têmên nabi | atas karsaning Hyang Agung | kinèn ngrata agama
| tan tinurut wong tuwa banjur dèn mungsuh | nadyan mungsuh lan wong tuwa |
lair batine tan sisip ||
83. balik ingkang kaya sira | kaya
ngapa mujijatira kaki | yèn nyata klipatullahu | wênang nyalini sarak |
--- 76 ---
atas saking karsane Hyang Maha Agung
| age sira wêtokêna | nyatane ingsun arsa wrin ||
84. kang wayah alon turira | botên
gadhah mujijat kados nabi | mung miturut ungêling buk | yèn ngislamkên wong
kopar | yêkti tampi ganjaran sawarga besuk | nyi agêng gumujêng latah | ujar
jare disungkêmi ||
85. jare bukune wong Ngarab | dudu
buku pusakane lêluri | mung kasusu minta lêmu | sugih daging dagangan | wong
ngumbara tinurut sakarêpipun | kang nglakoni susah rusak | mung raganira
pribadi ||
86. tôndha kawruhira mêntah | nora
matêng têrus ing lair batin | kêna bujuke wong busuk | wani bapa tur raja |
mung kêsusu kêpingin jumênêng ratu | mutêr ing rat tanah Jawa | sinome nora
pinikir ||
5. Sinom
1. sira santri sêsantrenan | dudu
santri ahli budi | dalilmu kitab kêtatab | ing kawruh kang gampang rumpil |
--- 77 ---
ngêndêlkên dhêsthar putih | puniku
putihing kuntul | cêmêr pamangsanira | putih jaba ing jro abrit | tanpa guna
maca kitab sabên dina ||
2. duk swargi mratuwanira | sira
sowan nyuwun idi | arsa bêdhah Majalêngka | kyai gêng nora marêngi | dhawuhe
wanti-wanti | aja mungsuh bapa ratu | barêng saiki seda | dhawuhe kotrajang
wani | santri apa wani nêrak marang dosa ||
3. sira jaluk idi mringwang | têtêpmu
dadi narpati | mutêr ring rat tanah Jawa | ingsun tan wênang ngidèni | bôngsa
cilik tur èstri | tan wênang ngidèni ratu | aran walik buwana | idiku têmah
mlarati | balik sira wajib paring idi mringwang ||
4. karana kalipatullah | ing
sajroning tanah Jawi | sira dhewe ingkang tuwa | saucapmu idu gêni | kang kaya
awak mami | tuwa tuwan aranipun | mêtu awan kêmulan | mêtu enjing wêdi warih |
amung sira ingkang têtêp tuwa nata ||
5. putu sun mingsili sira | carita
[ca...]
--- 78 ---
[...rita] patang prakawis | wong gege
kaprabon bapa | ing kitab kiyamat muni | kraton nagari Mêsir | panjênêngan Nabi
Dawut | putranira kang tuwa | Abe Salam ingkang nami | mungsuh bapa anggege
kaprabon nata ||
6. Jêng Dawut kèngsêr sing praja |
Abe Salam kang gumanti | sawuse antara môngsa | Nabi Dawut sarta dasih |
wangsul amukul nagri | Sang Abe Salam lumayu | gya ngungsi wanawasa | ginawa
bandhang turanggi | pan kacangkol tênggoknya nèng lata wrêksa ||
7. kudane têrus lumajar | Abe Salam
iku kèri | tênggoke kajirêt lata | gumantung wrêksa ngêmasi | iku kukuming
Widhi | yèn wong wani bapa ratu | malih ana carita | ing tanah Jawa rumiyin |
Ratu Mêndhang Sang Prabu Dewata Cêngkar ||
8. anggege kaprabon bapa | Sang Prabu
Sindhula Aji | kêna sabdane kang rama | dadi buta angajrihi | sadina dhar wong
siji | tan lama jênênging ratu | ana brahmana [brahma...]
--- 79 ---
[...na] prapta | saking sabrang
angajawi | Ajisaka anggêlar kadibyan sulap ||
9. wong Jawa asih sadaya | mring
Dewata Cêngkar gêthing | Jisaka dèn anggêp raja | ratune dipun pêrangi | ambyur
sêgara Indi | salah rupa dadi bajul | môngka isi samodra | tan lama nuli
ngêmasi | mungsuh sarpa Jaka Lilung wastanira ||
10. crita nagri Lokapala | nama Prabu
Dhanapati | lan rama Rêsi Wisrawa | rame prang rêbutan putri | tur bapa ingkang
sisip | prandene mêksa kasiku | dinukan marang dewa | aja manèh lir sirèki |
mungsuh bapa sikara tanpa prakara ||
11. sayêkti urip cilaka | patimu
malbèng yumani | iku ukuming Pangeran | wong kang kaya sira iki | êmbuh ukuming
Widhi | marang sira iku besuk | Sultan Dêmak miyarsa | nyai agêng dènirangling
| analôngsa gêtun kang wus kêlampahan ||
12. pra sunan lan pra bupatya | kang
jumurung angrojongi | adêgmu dadi narendra | lan bêdhahe [bêdhah...]
--- 80 ---
[...e] Majapait | dosa kêdhik tur
cilik | mung siji murtat ing ratu | sabab seje agama | dosane tan dadi kudhis |
balik sira dosa gêdhe tri prakara ||
13. iku sira tanpa timbang | gêlêm
bae anglakoni | linêbokakên loropan | lan sagung para ngulami | miwah para
bupati | dene sira tan sumurup | ingkang nêmu cilaka | malêbu naraka api | kang
nglakoni dosa gêng sira pribadya ||
14. tur kelangan ratu bapa | sêbutamu
nora bêcik | rusak tataning manusa | ginuyu isining bumi | salawasira urip |
rumakêt nama tan arus | katuju mênang pêrang | mungsuh bapa kaki-kaki | lah
etungên gunggungên kluputanira ||
15. nadyan sira martobata | maring
Pangeran Linuwih | kaya tan olèh ngapura | kakehan luputmu kaki | dhingin
mungsuh sudarmi | kapindho murtat ing ratu | tur ngrusak kabêcikan | apa cacate
sang aji | sira rusak prajane [praja...]
--- 81 ---
[...ne] tanpa karana ||
16. dipati ing Panaraga | Bathara
Katong prajurit | iku putra Majalêngka | Andayaningrat ing Pêngging | iku mantu
sang aji | karone prajurit wudhu | iku môngsa trimaa | rusake ing Majapait |
yêkti labuh ing bapa rusaking praja ||
17. iku abot sangganira | angantêp
tangkêping jurit | labuh ratu pindho bapa | ping têlu ngrêbut nagari | wit
timur praptèng mangkin | sabên dina ajar pupuh | wus wignya ngadu bala | aju
unduring prajurit | balik sira puniku bôngsa ngulama ||
18. kapan gonmu ajar yuda | mung
mangeran puji dikir | lamun bêngi salat kajat | nyilih swarane Hyang Widhi |
iku yèn dèn paringi | bisa mêtu karamatmu | yèn datan pinaringan | jêngkinga
kongsi kêpesing | tiwas bundhas bathukmu tan mênang yuda ||
19. ngêndêlake sugih japa | pasa
mutih pati gêni | amrih mandi tênungira | iku kaki ngapirani | prakarane wong
--- 82 ---
jurit | ingkang narik asor unggul |
amung carita ngarsa | kang bênêr lawan kang sisip | kapindhone sugih gaman atul
yuda ||
20. timbang tantingira lawan | akèh
kêdhiking prajurit | bênêr akèh wadyanira | iku kabèh bôngsa santri | mung ajar
ngêntêp kêndhil | môngsa pêcusa prang pupuh | ngêndêlkên pra bupatya | pasisir
kang Islam sami | Islam anyar adate misih tugêlan ||
21. samôngsa sampun ayuda | tekatira
mungal-mungil | nimbang bênêr lawan lêpat | môngsa mèlua wong sisip | kang
bênêr dèn iloni | ambalik madyaning pupuh | iku tan sira timbang | mung
ngêndêlkên sira wani | dudu laku prakarane wong ayuda ||
22. miturut sêbutan kitap | yèn wong
mati prang lan kapir | aran mati sabilullah | ginanjar sawarga benjing | puniku
ngapirani | kang pêrang sabil satuhu | nalarmu pêrangana | patènana ingkang
sisip | lah pêndhêmên urugana bêbênêran ||
--- 83 ---
23. bênêra mata satunggal | aja bênêr
mata kalih | samar kalingan pêpadhang | bênêre anganan ngering | yèn bênêre wus
sami | nganggo bênêr mata têlu | têgêse têlu têlas | bênêre mung murih asil | najis
mêkruh yèn enak kinalalêna ||
24. tandhane bênêr ranira | lan para
sunan ngulami | laku ngrusak Majalêngka | nora pisan angèngêti | bêcikane sang
aji | mung kêsusu enggal lêmu | sugih daging dagangan | sudhiyan rayap yèn mati
| mula tan wruh bêcike ratu lan bapa ||
25. sanadyan mungsuh wong kumpra |
yèn sira murwani sisip | sayêkti mati cilaka | sanadyan mungsuh Islami | yèn
bênêr rane kaki | wus pasthi mati rahayu | ywa dumèh kapir Buda | padha turun
Adam Nabi | wujudira ya manusa kaya sira ||
26. wong urip ana ing dunya | dosane
limang prakawis | dosa Allah lan Mukhamad | kapindho guru narpati | ping tiga
--- 84 ---
yayah bibi | garwa putra kaping catur
| lima marang sasama | dosa ingkang ôngka siji | wong kang urip nganggo goroh
samar-samar ||
27. wong kang dosa guru raja | wong
wani guru narpati | wong kang dosa yayah rena | wong wani bapa lan bibi | wong
dosa garwa siwi | wong tan ngrêksa garwa sunu | dosa marang sasama | wong
sikara tanpa uwit | lan wong tan wruh kabêcikaning sasama ||
28. sira timbanga pribadya | tuturku
wus kocap ngarsi | sira kasêbut ngulama | sayêkti wruh bênêr sisip | Sultan
Dêmak miyarsi | amuwun sajroning kalbu | alon ing aturira | dhuh eyang kados
punapi | dosa ulun mring Allah matumpa-tumpa ||
29. Nyi Agêng Ngampèl ngandika | sira
tan dosa mring Widhi | dosa mring sudarmanira | Gusti Allah mung ngadili | kang
bênêr lan kang sisip | ingkang salah dipun ukum | sinèlèh anèng kerat | binêlok
sajroning gêni | Sultan Dêmak umatur sarwi [sar...]
--- 85 ---
[...wi] karuna ||
30. rèhning sampun kêlampahan |
punapa winuwus malih | pan amung têdah paduka | ingkang kawula lampahi | nyai
gêng ngandika ris | yèn sira nurut rêmbugku | ramamu ulatana | katêmua
ngêndi-êndi | aturana kondur marang Majalêngka ||
31. yèn ramanta misih karsa | angasta
kaprabon aji | anuli sira junjunga | têtêpa kadya ing nguni | kari pira sang
aji | yuswane anuli surud | lan sira anyuwuna | ngapura luputmu kaki | yèn tan
karsa ramamu jumênêng nata ||
32. suwunên ing rilanira | ing Jawa
sira ratoni | idine kang têrus ing tyas | dadi bêcik lair batin | tan ginuyu
ing bumi | sira pancia ramamu | dhahar busananira | gawèkna kadhaton ngardi |
saprabote pandhita ywa kongsi kurang ||
33. hèh ta gèr kawruhanira | nadyan
wong satanah Jawi | angidèni marang sira | têtêpmu madêg narpati | yèn nora dèn
idèni | ramanira sang aprabu |
--- 86 ---
lamun tyase tan rila | sira nora
kêlar kaki | dadi nata nèng Jawa sabanjurira ||
34. aja dupèh kapir Buda | iku
bêtuwah narpati | sawetane tanah ngajam | yèn kongsi gêla kang galih | mênawa
animbali | putra wayah para ratu | sawetan tanah Jawa | sawadya kaprabon jurit
| misih abot sangganira ing ayuda ||
35. karana sagung pra raja | kanan
kering tanah Jawi | kabèh kawêngku santana | padha wiji Majapait | manawa
angèngêti | darbe ratu pinisêpuh | siniya tanpa dosa | angantêp tangkêping
jurit | sabiyantu angrêbut ing Majalêngka ||
36. yêkti prang gêdhe gêmpuran |
kadya duk prang Urubêsmi | Majapait lan Blambangan | pira-pira kang pêpati |
tur Menakjingga sisip | prandene padha biyantu | iki wong tuwanira | bênêr
nganggo ratu luwih | sayêktine ing prang nêdya pêpungkasan ||
37. putu lamun sira mênang | têtêp
jumênêng narpati |
--- 87 ---
yèn kalah dèn oyak-oyak | kêcandhak
dipun patèni | wong Islam dikuciri | tur sira iku kêtêmpuh | rusaking wadyabala
| kang mati madyaning jurit | padha nagih mring sira besuk nèng kerat ||
38. ramamu jumênêng nata | tan lama
nuli ngêmasi | ing tanah Jawa kêliya | sira nora andarbèni | mulane rêmbug mami
| turutên ingkang satuhu | antinên surudira | nadyan prang rêbut nagari |
mungsuh kadang puniku tan dadi ngapa ||
39. sanadyan kalah mênanga | tan
ginuyu bumi langit | wus lumrah wong madyapada | lamun sudarma ngêmasi | anak
arêbut waris | pusaka kang luwih pêrlu | lamun gege samangkya | lan bapa rêbut
nagari | kalah mênang dadya gêguyoning jagad ||
40. katujune mênang pêrang | mungsuh
bapa kaki-kaki | wungkuk bêngkuk suku tiga | êndi sêbutamu bêcik | loking jana
mung nisthip | iku sira dipun emut | aja nrajang kanisthan | tolèhên awakmu
[a...]
--- 88 ---
[...wakmu] kaki | ramanira ratu agung
binathara ||
41. ibunira putri Cina | agama
miturut Ngarbi | aran jangêt ingatigan | jêmbar jajahanirèki | dene akêndêl
ngisin | mungsuh bapa kang wus pikun | saru tinon ing kathah | mungguh rêmbugku
samangkin | lah muliha mring nagaranira Dêmak ||
42. aja lumaku pribadya | ngulati
ramamu kaki | manawa giris tyasira | kêmlurusên angêmasi | bêcike Sunan Kali |
kinèn lumaku angluruh | aja anggawa wadya | lumakua cara santri | yèn kêpangguh
dèn gênahêna kewala ||
43. yèn karsa dèn aturana | kondur
marang Majapait | jujuga ing Ngampèldênta | yèn nora karsa sang aji | aja
kopêksa kaki | manawa runtik tyasipun | ngandika anyupata | puniku yêkti
mlarati | wus mangkata sadina iki bubara ||
44. nulya sami abubaran | sawadyanira
tan kari | jêng sultan kondur mring Dêmak | Sunan Kali kang ngulati | lumaku
[lu...]
--- 89 ---
[...maku] cara santri | mung sabat
kalih kang tumut | nurut pasisir wetan | sinigêg Jêng Sunan Kali | kangjêng
sultan sawadya angguladrawa ||
6. Dhandhanggula
1. sampun prapta ing Dêmak nagari |
Kangjêng Sultan Bintara sawadya | umyang gumuruh swarane | kang prapta lan kang
mêthuk | suka sukaning tyas angênting | ngulama praja desa | nracak kaulipun |
yèn jaya prange gustinya | dikir mulud bêlèh wêdhus sapi biri | tahlil dikir
trêbangan ||
2. santri murit sami kaul ngêmis |
marang pasar sadina ping sanga | pating garandhul kasange | sapêpakirèng butuh
| pan kinarya mêmule nabi | Sultan Bintara panggya | kalawan sang wiku |
Kangjêng Sinuhun ing Benang | angandika praptamu padha basuki | lakumu mangun
yuda ||
3. apa asor apa unggul jurit |
kangjêng sultan alon aturira | sampun bêdhah karatone | nagari Majalangu | pra
punggawa kang lawan jurit | samya tumpês ing yuda | margi kagèt gugup |
--- 90 ---
Kyana Patih Gajahmada | saha wadya
ngamuk-punggung ambêk pati | gaman pêdhang curiga ||
4. wadya Dêmak panggah anadhahi |
kinarocok wadya pra bupatya | mung patih kang têguh dhewe | Sunan Ngudung gya
nêmpuh | anglarihi nanging tan titis | Gajahmada angrangsang | dhatêng Sunan
Ngudung | pinarjaya jaja tatas | kapisanan Sunan Ngudung angêmasi | sigra para
bupatya ||
5. para sunan panggah anadhahi |
pinarbutan Gajahmada pêjah | nanging sirna kuwandhane | nulya na swara krungu |
ingaturkên ingkang pêpeling | suka Suhunan Benang | mèsêm ngandika rum |
suwarane wong wis modar | wêdi apa besuk wani mêngko wani | mungsuh wong kapir
Buda ||
6. ora cidra ing pambatang mami |
Majalêngka sapa dèn andêlna | yèn uwis balik Si Kusèn | Si Gugur misih timur |
môngsa dadak wani ing gêtih | Gajahmada wus tuwa | wungkuk ambalêngkuk |
thinuthuk bae palastra | nora kêlar nadhahi [nadhah...]
--- 91 ---
[...i] yudamu kaki | mudha sêdhêng
umurnya ||
7. wadya Dêmak lajêng manjing puri |
angulati jêng rama tan ana | lolos tan wikan puruge | tuwin pun yayi Gugur |
samya lolos tan bêkta dasih | kang kantun wontên pura | amung kangjêng ibu |
pramèswari Darawatya | kulaturi nyingkir mring Benang rumiyin | nurut atur
kawula ||
8. wontên dene yayi adipati | nagri
Têrung wus gumantyèng yuda | asikêp lan gêgamane | lajêng biyantu pupuh |
jarah-rayah sajroning puri | buku bêtuwah Buda | kinumpul sadarum | lajênge
kawula bakar | dimèn sirna pikêkah agama Budi | gumujêng Sunan Benang ||
9. iku bênêr anggitira kaki | lamun
misih buku sarak Buda | wong Jawa awèt kapire | kongsia sèwu taun | môngsa
dadak ganti agami | nut sarak Rasulullah | datan nêdya emut | anêbut asmaning
Allah | lawan nêbut asmanira Kangjêng Nabi | Mukhammad Rasulullah ||
--- 92 ---
10. môngsa niyat salat kaji dikir |
Kangjêng Sultan Bintara turira | bètèng-bètèng sadayane | ing Bangsal lan ing
Têrung | wadya Islam ingkang jagèni | parentahe yayi mas | Adipati Têrung |
kalamun ana wong Buda | ngungsi bètèng sadaya tumpêsên sami | dene yèn janma
Islam ||
11. ngungsi bètèng kinèn sungi kori |
mila tiyang Buda ambyar bubar | mawut saparan-parane | ngungsi mring wana
gunung | kang lumawan dipun pêrangi | kawula tigang dina | anèng Majalangu |
lajêng dhatêng Ngampèldênta | nuwun idi têtêp kula dados aji | mring ibu
maratuwa ||
12. ingkang tugur wontên Majapait |
anjagèni kang putra santana | yèn wontên kang mungkar tyase | yayi Dipati
Têrung | lawan Patih Mangkurat nênggih | wadyane pra dipatya | sapalih kang
tumut | sapalih kawula bêkta | dhatêng Ngampèl nèng Têrung sipêng tri ari |
minta pakèwêting prang ||
13. kang kawula [kawu...]
--- 93 ---
[...la] angge senapati | ingkang
dadya sêsulih kawula | ing bètèng Têrung barise | inggih Pangeran Kudus |
pramugari misesa baris | kanthi para ngulama | sadaya tri atus | sabên dalu
salat kajat | dikir mulud tansah muji siyang latri | tahlil dikir trêbangan ||
14. para sunan lan para bupati | gya
umiring ing kula sadaya | ulun sapraptaning Ngampèl | wusing pranata ulun |
para sunan lan pra bupati | nulya lênggah satata | kawula umatur | kang dadya
parlu kawula | nyuwun idi têtêp ulun dados aji | amêngku tanah Jawa ||
15. saha kula ngaturi udani |
bêdhahipun nagri Majalêngka | lan kangjêng rama lolose | tuwin pun yayi Gugur |
ugi lolos tan bêkta dasih | pêjahe Gajahmada | lumawan ing pupuh | ibu sangêt
dukanira | sarwi muwun nguman-uman dhatêng kami | tuwin sunan ngulama ||
16. winastanan janma tanpa budi |
dene tan wruh kabêcikan [ka...]
--- 94 ---
[...bêcikan] raja | asikara tanpa
wite | nanging panimbang ulun | inggih lêrês jêng ibu nyai | sampun katur
sadaya | ing sadukanipun | Nyai Agêng Ngampèldênta | purwa madya wusananira
abrêsih | putuse kang rinêmbag ||
17. Sunan Benang jêtung datan angling
| nging sinamur ywa kongsi katara | kang dadya kaluputane | mring Ratu
Majalangu | ing wusana ngandika aris | dene mêrangi tatal | nalarira iku | wong
wis mati inguripan | tekadira mati têngah nglangi pinggir | nganggo tekad
urakan ||
18. wong kang ngrêti têrus lair batin
| mangan gula wus prapta ing dhadha | dipun ulu sadayane | êmbuh dadine pungkur
| luwih karsanira Hyang Widhi | janma kang ahli nalar | ngaranan sirèku |
ingaran bôngsa tugêlan | nora murni nuwuhake nyawa kalih | katôndha tekadira ||
19. mungal-mungil tan wurung kêtail |
ing pakewuh dadi tiwasira | marga kurang kantêpane |
--- 95 ---
sira nurut ibumu | ibunira iku pawèstri
| tan wênang dadi iman | amurwani laku | prakara ngrêmbug nagara | yèn wong
wadon wêruhe mung uyah trasi | wus kocap jroning kitab ||
20. yèn wong kakung nurut mring
pawèstri | nadyan bojo sanadyan wong tuwa | wus pasthi dadi tiwase | sabab
èstri puniku | têtêp aran uwong sajati | nglowong mung dadi tadhah | tan wênang
tinantun | prakara ngrêmbug nagara | apa manèh bênêr luputing agami | wus
pêsthi sasarira ||
21. sira aran tiyang kang sajati |
tiyang iku pikukuhing palwa | nora kêna menglang-mènglèng | kudu jêjêg abakuh |
anèng têngah amikukuhi | sira wus dadi iman | amurwani laku | panutan wong Jawa
Islam | yèn tyasira mirang-miring nêngah minggir | dadi tiwasing kathah ||
22. para sunan lan para bupati | wus
angangkat sira dadi nata | ngratoni wong Jawa kabèh | ran Senapati [Senapa...]
--- 96 ---
[...ti] Jimbun | kang pinuji dibun
sabumi | jaluk idi wanodya | asor bangsanipun | darajade luhur sira | nadyan
tuwa nora wajib angidèni | jênêngira narendra ||
23. dadi sira kêna diarani | janma
mulya dijak dadi kômpra | anjaluk idi wong jêlèk | apa sira tan wêruh |
sêbutane tajusulatin | lamun bôngsa wanodya | apês duwèkipun | tan kêna tinari
karya | dadi sira anêrak anggêr nagari | sêsikuning kalipah ||
24. upamane ramanira aji | sira
angkat bali dadi raja | pulih gêtih kaya biyèn | pra bupati wus suyut |
animbali kang putra kalih | Dipati Panaraga | miwah putra mantu | ing Pêngging
Andayaningrat | nora wurung pasthi sira dipatèni | sapa kang malangana ||
25. angilangake êndhok sawiji | ibu
andhap tur seje agama | wus agawe salah gêdhe | murtat ing bapa ratu | wus
wajibe dipun patèni |
--- 97 ---
wus sah sêbutan kitab | kukume
linampus | tur nora sira pribadya | sawadyamu kang padha biyantu balik | sah
wajib pinatenan ||
26. dadi sira kêna dèn arani | janma
rusak kudu ngajak-ajak | anggawa pêpati akèh | lamun wêruha ingsun | tekadira
anêngah minggir | mulat wuri lan ngarsa | ingsun datan purun | ambotohi marang
sira | ingsun sêngguh mantêp têtêp trusing ati | mantêpe tekadira ||
27. wong kang ngrêti têrus lair batin
| mangan gula wus prapta ing dhadha | dipun ulu sadayane | êmbuh dadine besuk |
luwih karsanira Hyang Widhi | wus sêdya nglawan ing prang | mungsuh bapa ratu |
nadyan bapa ratu Buda | wus kalalun tan ana batal karami | pinangan janma Islam
||
28. nora ana ing sawiji-wiji | najis
mêkruh sadayane sirna | wong kapir asli darbèke | kang wus kasor prangipun |
janma Islam ingkang darbèni | sanadyan ta wanudya | wênang dèn dol iku |
kinarya batur [ba...]
--- 98 ---
[...tur] tumbasan | sampun kalal
jinamah datanpa kawin | wus sah sêbutan kitab ||
29. balik mêngko paran ta kang dadi |
pungkasane kêkarêpanira | tutura sun rungokake | enake atiningsun | lamun
tekadira lêstari | ambêdhah Majalêngka | sun idèni iku | dadi ratu tanah Jawa |
sabanjure prapta anak putu benjing | yèn sira murungêna ||
30. sira manut maratuwa èstri |
ingsun mulih marang nagri Ngarab | anèng kene tanpa gawe | môngsa wurunga
lampus | tur tan bisa ngêlar agami | lah iya ucapêna | enggal gothak-gathuk |
yèn sira lêstarèkêna | gènnya ngrusak karaton ing Majapait | amungsuh bapa raja
||
31. nanging sira têtêp dadi aji |
mungsuh bapa wênang tinobatan | mring Hyang nyuwun ngapurane | nêdya mungsuh
wong sêpuh | ratu kapir tan durakani | lêpihane wus ana | pra nabi rumuhun |
Ibrahim Musa Mukhamad |
--- 99 ---
padha mungsuh wong tuwa kang padha
kapir | nêmu mulya raharja ||
32. lamun wurung ngrusak Majapait |
sira dosa guru kang sanyata | luwih gêdhe durakane | yèn wong dosa ing guru |
nora wênang dipun tobati | sabab kang mêruhêna | dêdalan rahayu | ing urip
praptèng antaka | Kangjêng Sultan Bintara sarêng miyarsi | sabdane Sunan Benang
||
33. gêtun jêgrêg dangu datan angling
| pan rumôngsa kaluputanira | kadudon laku tindake | maju mundur kabêntus | ing
pakewuh kang gampang rumpil | tiba kêsandhung rata | kabêntus ing wangwung |
kapêngkok nalar kang samar | maju mundur duraka ing lair batin | mangkana
osiking tyas ||
34. yèn wurunga ngrusak Majapait |
dosèng gurunira kang sanyata | luwih gêdhe durakane | yèn dèn banjurna iku |
dènnya ngrusak ing Majapait | dosa mring bapa raja | nanging dadi ratu | salah
wênang tinobatan | ing wusana jêng sultan umatur aris |
--- 100 ---
inggih kula lajêngna ||
35. gèn kawula ngrusak Majapait |
rèhning nguni kawula wus sagah | dhatêng ibu Nyagêng Ngampèl | manawi rama
kondur | kula angkat narpati malih | amêngku tanah Jawa | kadya ingkang sampun
| sayêkti kawula cidra | botên wande kawula dipun dukani | mring ibu maratuwa
||
36. kadospundi gèn kula mangsuli |
sabab kula cidra ing ubaya | Sunan Benang ngandikane | lah iku gampang-gampung
| nora susah ngupaya pikir | aja cidra ngubaya | wuwus kang wus mêtu | yèn
ramanira wus prapta | lah sebaa marang nagri Majapait | sawadya sikêp ing prang
||
37. krigên kabèh bupati pasisir |
sawadyane sikêp kaprabon prang | kira wong tri lêksa kèhe | para sunan sadarum
| jakên seba mring Majapait | lamun sira wus panggya | kalawan ramamu | sira
nyuwuna ngapura | ing sakèhe kaluputanira kang wis | wani bapa tur raja ||
38. yèn [yè...]
--- 101 ---
[...n] sira wus olèh pangaksami | ing
sakèhing kaluputanira | ramamu angkatên rajèng | pulo Jawa Karimun | aja ana
ing tanah Jawi | mundhak ngribêdi nalar | jênêngira ratu | jaganên wadya
sanambang | sadinane urunan para bupati | sawadya sikêp ing prang ||
39. dimèn seda pinangan ing dhêmit |
anèng Krimun saking karsaningwang | dene yèn ana mungkare | kang putra
kalihipun | adipati ing Panaragi | Pêngging Andayaningrat | lawanên prang pupuh
| wus lumrah manusa gêsang | bapa seda anak samya rêbut waris | pusaka ngrêbut
praja ||
40. Sunan Giri anambungi angling |
inggih lêrês ing karsa paduka | kawula mrayogèkake | nanging utamènipun |
sampun ngantos amangun jurit | karya risaking praja | yèn parêng pukulun |
kawula tênung kewala | sri narendra miwah ingkang putra kalih | kajênge nuntên
seda ||
41. kula nênung mêjahi janma tri |
bôngsa
--- 102 ---
kapir botên manggih dosa | amrih
wilujênging ngakèh | Sunan Benang amuwus | luwih karêpira pribadi | Kangjêng
Sultan Bintara | anambungi wuwus | lêrês Sunan Giripura | wusnya dadya pirêmbag
saliring kardi | ganti kang kawuwusa ||
42. tindakira Kangjêng Sunan Kali |
angulati Prabu Brawijaya | kalunta-lunta lampahe | sabat kalih tan kantun |
cara santri lampah musapir | nurut pasisir wetan | praptèng dhukuh-dhukuh |
dènira ngupaya warta | kang kamargan lolose kangjêng sang aji | Sri Nata
Brawijaya ||
Comments
Post a Comment